ANGKRINGAN MBAH MO – NULADANI PANAKAWAN 01

punakawan

Jakarta, nglarastenan – Malem Sabtu, dina kang wis ditunggu-tunggu, mligine kanggo aku lan dik Sum. Bengi iku ora lali mampir ana angkringane mbah Mo. Kaya padatan, saben Jemuah malem Sabtu acara ngrungokake wayang saka radio streaming mligine saka gglink. Kenapa seneng wayang? Amarga ing crita kang kamot jroning pakeliran mau akaeh pitutur kang becik, uga wewayangan kang diwedar dening dalang. Apa maneh nek wis tekan goro-goro, kabeh padha konsen ing pakeliran (yen nonton).

Ing pewayangan jawa, panakawan pinangka tambahan crita kang ka anggit dening pujangga jawa kang waskita kanggo syiar nalika semana. Mula beneh karo kang kaujub, tuladane lan pitutur ing tontonan wayang pinangka kanggo tuntunan (tulada).

SEMAR

semarGinambar ing pakeliran pinangka abdi satria kang tindak utama. Nadyan abdi, semar ora mung dadi sembarang abdi, amarga Semar uga kadapuk dadi penasehat para satria mau. Ing crita Mahabharata semar pinangka abdi trah Resi Manumayasa lan sak piturute. Ing tanah jawa, crita babat Mahabharata apadene Ramayana Panakawan tansah nempel ing crita (lakon).

Semar ing filosofi Jawa malah sansaya dhuwur drajate. Semar ora mung dadi kawula, nanging panjalmane Batara Ismaya, yaiku sedulur tuwa Batara Guru (Dewane Dewa). Akeh pakem kang nggambarake Semar lan asal usule. Semar mapan ana ing pradesan kang karan Karangdembel (Karangkadempel). Karangdempel uga sanepan panggonan kang garing, nadyan mangkana merga jiwane Semar kang teguh, mestuti marang bebener, papan mau katon tentrem.

Semar uga duwe jeneng Badranaya, wondene Badranaya saka tembung bebadra / badra, yaiku amemangun dasar, naya / nayaka pinangka utusan, wakil. Ing pangajab, Semar bisa amemangun sifate manungsa kang becik mituhu apa kang wis ginaris dening Gusti. Semar, Haseming samar-samar, kang uga duweni pangajab pinangka panutan ing alam donya.

Semar kang wandane awujud kakung ora wadon uga dudu, yen kakung ning kagungan payudara kayadene piayai putri, mulane Semar mujudake simbol kakung lan putri. Semar astane sing siji tansah nunding, pinangka simbol kang tansah eling marang kang Maha Tunggal. Astane kang siji ana ing mburi mujudake simbol dene Semar iku netral.

Semar kang tansah nganggo kuncung kaya bocah, ing kene semar pinangka abdi kang biyantu marang sapa wae tanpa njaluk bebana, pengarep-arep kajaba kangkaujub mung berkahe Gusti Allah. Pitutur mau, mratelakake menawa manungsa iku kudu tansah nyuwun marang Gusti (ndhuwur) lan uga tresna marang sak padha-padha (Hablum Minallah lan Hablum Minannas).

Mula ora gumun yen ta wayang iku saka tembung wewayangan, gambarake apa kang ana ing donya lan apa tumindak kang becik bakal ketitik lan kang ala bakal ketara. Iki mau mung Semar, lan yen ta kababar kabeh bisa pirang-pirang dina lawase.

Pitutur:

  • tansah mestuti marang Gusti, semeleh ora lali marang kang Gawe Urip (hablum minallah)
  • kudu bisa urip bebrayan kanthi tentrem (Hablum minannas)
  • nadyan duwe panguwasa, bisaa ngrasakake dadi kawula ora lali yen ta duwe panguwasa
  • dadi panguwasa kudu bisa ngayomi marang kawulane

GARENG

Gareng Panawakan kaping loro……….. kasambung

About these ads

Berikan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s