ANGKRINGAN MBAH MO – LEGENDA KETHOPRAK MANGGALAYUDA SUDIRA

sudiroNglarastenan – Mbah Mo bengi iki tumben nyetel MP3, lan jarene Mbah Mo kepara tamba kangen nalika isih ana ndesa, durung nglembara kaya saiki. Mbah uga crita, jaman biyen kuwi radio kepara barqang kang wah, amarga ora saben wong duwe. Mangkene Mbah Mo mau anggone crita.

Ngeling-eling lan mundur ing jaya-jayane kethoprak Mataram Sapta Mandala, yaiku nalika jaman Widayat, BA lan Marsidah Bsc kang lagi moncer, meh radio RSPD, RRI lan RSSNI (Radio Siaran Swasta Nasional Indonesia) mesti ana siaran kethoprak, mligine ing bumi Jawa Tengah, Ngayogyakarta lan uga Jawa sisih Wetan (Jawa Timur).

Jawa Tengah, mligine Ngayogyakarta lan Surakarta pinangka punjering budaya nalika semana akeh ‘tokoh-tokoh’ kang kawentar ing babagan seni, ing antarane Basiyo (dagelan), Ki Narto Sabdo (wayang), Bagong Kusudiharjo (tari) lan tartamtu seni panggung yaiku kethoprak.

Nek udakara antarane tahun 90an kabeh wong kepincut marang sandiwara radio, ing antarane seri Satria Madangkara (Brahma Kumbara), Ibuku Malang Ibuku Sayang, lan Tutur Tinular. Sakdurunge sandiwara mau ‘ngetrend’ ana seni budaya kang mujudake asli budaya Jawa yaiku kethoprak mau.

Salah sawijine crita kethoprak kang ‘fenomenal’ saka para kanca tani, bocah sekolah, lan para nayakane praja kabeh kapilut marang crita kethoprak mau, yaiku nalika jayane seri SUDIRO. Crita kethoprak kang nyritakake kawula (rakyat jelata) kang kasil ing olah kanuragan lan nganti dadi Manggalayuda (panglima perang) ing Kraton Tanjung Anom.

Crita kethoprak seri SUDIRO iki miturut aku ora duwe sejarah kang jelas, utamane nyempal marang sejarah kraton, nanging malah kepara crita ‘fiksi’ sing pancen wasis kang nganggit, kanthi crita runut, apik lan pitutur kang becik, apa maneh sing dadi paraga Widayat kanthi swara kang bening lan sampurna pinangka dadi SUDIRO lan uga Marsidah, Bsc. kang pinangka dadi Lestari.

Nadyan crita kethoprak mau ora ana gandheng cenenge marang kraton ing tanah jawa (fiksi) nanging amarga ‘setting’ crita mau kepara kenthel ing crita Jawa, ora mokal yen to kethoprak Seri Sudiro bisa rinasuk ing ‘masyarakat’ Jawa.

Kethoprak seri Sudiro akeh perangane, ing antarane:
Sudira Papa,
Manggalayuda Sudira
Maeka Sudira
Sudira Kadakwa
Sudira Kapidara
Sudira Bangkit
Sutrisna – Waryanti (anak Sudiro)
Gogok Wasiat,
Waryanti Mutung
Klinthing Wasiat
Sudira Gugur
Sutrisna Sapu
Yowandana Lena
Sapartibraja Lena
Lesancaka Gugur
Sutrisna Tumpes Kelor

Ing crita, Sudira duwe bojo Lestari lan duwe anak, yaiku Sutrisna. Sutrisna uga ngrabi Waryanti, wanita kang sekti mandraguna.

‘Tokoh fiksi’ ing lakon kethoprak iki, antarane:

Prabu Lesanpura – Raja Tanjunganom
Pangeran Lesancaka – gantine Prabu Lesanpura
Sudira – Manggalayuda Tanjunganom
Sutrisna – Manggalayuda II Tanjunganom (anak sudira)
Jimbunanom, Danawilapa, Adipati Yoandana, Lestari, Waryanti, Senapati Utara, Cempala, Cempaka, sapartibraja, Tosidana (Basiyo), Tosiani, lan sakpiturute.

‘Intrik’ ing crita mau kepara komplit, saka politik, asmara, lan dagelan (Basiyo, Cs.). Fintah, lugu, pinter sekti pokoke kabeh katon ngangeni, opo maneh sing dadi paraga, swarane kang ngrangin, bening jan ora ana sing madhani. end/kd (kethoprak lovers)

About these ads

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s