JANTURAN GARA-GARA (GORO-GORO)

punokawanNglarastenan, gara-gara amenangi jaman owah, den arani kala babrah, lakune si wewe gidrah, sasmitane jaman wis bubrah, kaya bali nyang jaman jahiliyah. akeh wong sungkan ngibadah, kumrembyah kakehan cacah, ta betah ngampah hanjarah rayah, makarya wegah ning golek opah, lumuh ngalah dadi wong srakah, amal jariyah wis ora diarah, obah polah kudu mamah, ora mesakake wong lagi susah.

ana maneh slagane para priyayi, jarene demokrasi mung di nggo ngapusi ben iso korupsi. akeh wong lanang macak putri, yen dikandhani malah ngiwi-iwi ujare iki jaman emansipasi. akeh bocah ngebut nggegirisi, wong tuwo alesane ora ngerti yen ta anake wis bisa nyopir sendiri. ana maneh crita demokrasi, kang katembe rebutan ketua komisi. carut marut negara iki, amarga akeh piyayi mung mikir di pribadi saka kasus century nganti rebutan kursi.

opo maneh wong dodolan wis ora laris, ati nggrantes batine nangis, merga dagangane saya nipis, saben grimis ngeyup neng tritis, ora bathi malah mringis, entek ora kalahe ngladen wong ngemis, sing mung modhal tape sak iris. ana maneh wong kang wasis, gawe giris ra uwis-uwis, kareben miris njur ngingis ingis, ketoke alus nanging wengis, wong pangkat lan sugih diaku waris, lambene tipis tembunge manis, ora isa mbedakke kharam lan najis, nggolekake gaweyan nanging mung lamis, entuk ngapusi rasane esis, banjur lumaris lonjong mimis.

About these ads

Berikan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Twitter picture

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Google+ photo

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s