ANGKRINGAN MBAH MO – TAK TUNGGU BALIMU

LDLJakarta, nglarastenan – Angkringan Mbah Mo wengi iki rada sepi, mbok menawa amerga sesuk dina kerja. Biasa, langganan setia angkringane mbah Mo, mulih nyambut gawe ora lali mampir.

Ora nyana ora ngira, kaya ketiban ndaru awakku. Aku nyumurupi ana priya gagah perkasa, kaya Raden Lesmana lagi ngunjuk wedang jahe ing angkringane mbah Mo. Mak tratap atiku, kaya ngilo (ngaca, red.) bareng aku nyumurupi sapa kang dak adep iki.

Aku takon karo mbah Mo kanthi bisik-bisik ben ra keprungu tamune mbah Mo. “Mbah, niku sinten ta mbah kok tumben ana piyayi sing gagah perkasa kaya Raden Lesmana Mandrakumara?” pitakonku marang mbah Mo.

“O, kuwi to le. Kuwi mana anake mbah Lurah ing kampungku, asmane mas Gemboel!” Jlentrehe mbah Mo marang aku. “Mbah Lurah nitip aku kon melu ngawat-awati slirane, amarga saiki nyambut gawe ana ing Jakarta” ature mbah Mo maneh. Lagi arep takon, mbah Mo nerusake crita yen ta mas Gemboel kuwi lagi ketaman asmara marang kenya kang saiki wis palakrama.

Mbah Mo uga crita, menawa kenya sing digandrungi mas Gemboel kuwi saiki nderek garwane nyambut gawe ana ing Kalimantan. Ning nadyan mangkana, ujupe mas Gemboel, Siti (kenya mau asmane) bisa bali lan lelumban asmara karo slirane. Sakwise mbah Mo crita kanthi gamblang, aku njur wani uluk salam marang mas Gemboel kang kaya ngilo, ngadepi awaku dhewe ing kaca pengilon. Mula, aku banjur tetepungan lan ngobrol karo slirane.

“Mas, nderek tepang. Nami kulo Ganteng, lare kilen lapangan bal-balan. Menawi wonten merdikaning penggalih, asmane sinten lan wonten pundi lenggahipun?” aturku kanggo mbuka tetepungan ing nalika iku.

“O, mangga mas. Nderek tepang ugi, nami kulo Gemboel, putrane Pak Lurah lan sakpunika manggen wonten Cilandak cerak KKO” Saurane Mas Gemboel. “Kula nembe pirsa panjenengan wonten angkringan punika, lan kados nembe wonten ingkang dipun manah. Wonten punapa mas?” Pitakonku kang katon KEPO (pengen ngerti bae, red.).

“A anu, mas. Aku kuwi lagi nglambrang pikirku, kepikir sing ora-ora. Kelingan lan gawang-gawang ing netra nalika jaman aku isih timur. Nalika iku aku duwe katresnan marang kenya kang dadi ganthilane ati, ning saiki kenya mau ilang kaya kasaput ing pedhut!” Ature mas Gemboel kang katon lemes, kurang gairah nglakoni urip ing donya.

“O, o, o… makaten to mas”. Wangsulanku marang dheweke. Ngalor ngidul jagongan ana angkringane Mbah Mo, nganti ora ngerti dawane wengi. Lan aku banjur ngerti, jebul kenya mau asring keprungu mios ana radio streaming rggl. Mula, pungkase wengi iku aku matur marang mas Gemboel.

“Mas, saiki wis gamblang, wis cetha wela-wela. Mbok menawa Jeng Siti sampean kuwi mirengne ana radio iki lan coba sampean ‘monitor’ terus, nek sampean ora kagungan sambungan internet saben rolasan jam 12.00 nganti jam 15.00 ngewangi bae mbah Mo masak karo mirengne” kandhaku marang mas Gemboel kang saiki katon semangat maneh.

Lan, sakbare patemon ing angkringane mbah Mo mau. Mas Gemboel kang KLTM (katresnan lawas tuwuh maneh) tansah monitor radio lan ketemu marang ganthilane ati kang wus sawetara ilang, lan semangate kebak ing pengarep-arep kaya thuwuhe jamur ing nalika udan. “Jeng Siti, aku tansah nunggu balimu” Guneme mas Gemboel ing jroning ati.#KD

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s