ANGKRINGAN MBAH MO – NONTON SRANDHUL 1

srandhulJakarta, nglarastenan – Pungkasae cerita, Sumi wis gelem ngapura marang aku. Nek dine pancen dudu beselan, ning mau mung pinangka pepantes wae, amarga kahanan kang lagi wayah udan.

Aku lan dik Sum sore iki kancen, kencanan arepe nonton nonton srandhul. Seni Srandhul sing jarene miturut literatur kang dak temokake asalae saka Wonogiri. Biyen nalika aku isih cilik asring nonton kesenian iki, nganti ana tembange sing nganggo sesirah (judul) Banakirun. Apa saiki isih ana kesenian iki ing Wonogiri, lan apa ana sing nglestarekne? Saiki meh kalah karo campursari, wong duwe gawe nanggap wayang wae saiki wis ora akeh, apa maneh seni srandhul.

Ceritane seni srandhul sing bengi iki dak tonton karo di Sum pancen wis ana pakeme. Dik Sum sing pancen lahir ing jaman kesenian iki meh pudar mula malah sengsem nonton kesenian iki sing kebak pitutur.

Srandhul seting jaman Majapahit. Dene kang dadi paraga, yaiku: Raden Semut Rambut, Dewi Kenyawati, Raden Ganyong, Banakirun, lan liyo liyane.

Critane Prabu Brawijaya putrine kang asmane Dewi Kenyawati ilang saka praja. Sak kehing prajurit dikerahake kanggo goleki sang putri. Nadyan wus ngerahake kabeh kang ana sang putri durung ditemokake. Prabu Brawijaya banjur marentahake putrane kang sesilih Raden Semut Rambut ngupaya goleki adine.

Raden Semut Rambut uga ora kasil anggone goleki, mula sakbanjure di anakake sayembara ing Kraton Majapahit, sapa sing bisa nemokake Dewi Kenyawati, yen kakung arep inikahake lan yen putri arep di dadekake sedulur wadone.

Sing padha ngleboni sayembara saben calon kudu di dadar, lan piyayi wasis ing samubarang sifat satria utama uga pethingan ing olah kanuragan. Para piyayi sing melu sayembara mau kudu iso ngalahkake Raden Semut Rambut ing alun-alun ning ora ana kang menang. Pitutur kang isa kasaring jroning crita mau yaiku, yen ta golek sisihan kudu dipikirake kanthi mateng ora mung nuruti hawa lan napsu, nanging kudu mukirake donya lan akhirate.

Sayembara mau ginawa angin nganti keprungu teka ing Pajajaran, yaiku tlatah parentahe Raden Ganyong ….. kasambung.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s