PUSAKA BUDAYA – TERBANG

terbangJakarta, nglarastenan – Flashback, bali marang jaman kanoman. Indonesia pancen sugih ing seni budaya, mligine ing tanah Jawa. Ana wayang, kethoprak, dagelan, tari, terbang, rebana, lan liyo liyane.

Ing tulisan iki arep ngrembuk babagan seni Terbang. Mbok menawa nom-noman saiki akeh sing ora ngerti apa iku seni terbang. Terbang, paduan piranti musik sing di tabuh (perkusi) antarane:

Jedor: piranti kang wujute paling gedhe, lan fungsi paedahe pinangka kangga gong / bass.
Kempul: piranti sing gedhene sedheng sing ditabuh sak bubare ketipung
Ketipung: piranti sing cilik, lan mbok menawa ra perbeda karo melody.
Kendhang: piranti iki wujud kendhang, neng beda karo kendhang-kendhang kang ana in pagelaran klenengan, wayangan, utawa kethoprak. Kendhang terbang sing diwenehi kulit mung sing ono bolongane kang gedhe, dadi sing sisih kothong.
Kecrek: optional, asline ora nganggo

Terbang, biasane isine donga, pitutur lan liyo liyane kang di anggo ngisi acara bocah sunat apa ruwatan, lan malah digawe takbiran nalika riyaya. Nalika isih sekolah biyen nate ditanggap kanggo ruwatan bocah sunatan. Nalika iku isih jaman nepotisme, dadi paragane Rama, lan Paklik uga aku kang pinangka spesialist Gong, mula ora aneh yen saiki katon subur awake, hehehe…

Rada piye, ing jaman iku. Amarga wis puluhan tahun ora ana suara terbang, apa maneh wong nanggap. Lha iki malah nanggap terbang tur awan-awan. Rasane pengen ngguyu yen kelingan kelakon iku. Nalika tanggapan iki aku isih sekolah ana luar negeri (SMEA Italy), pokoke adoh banget. Wah angger ana rewang sing nglirik rada piye. Jaman semana campursari durung kaya saiki, malah Mas Didi Kempot wae durung dadi artis.

Dudu bandha, dudu donya kang kaujub, ning mung pengen nguri-uri seni kang wus meh ilang. Jaman semana aku eling di bayar 27.000 (pitulikur ewu), makhlum wong nek dine dudu pemain profesional, ning amarga mung di anggo syarat yo mangkat. Lan mulih di wenehi sajen kang isine ana ingkung, gedhang raja, jadah, lan liyo- liyane. Pokoke yo kaya isi sajen.

Bubar tanggapan, mulih lan teka omah di dum. ndilalah, ingkung pitik mau di potong-potong nganggo lading ana ing meja. Semangat kae sing motong. Ning lalli purwa madya lan wusanane, meja kang diwenehi taplak sing anyar sing regane yen di anggo tuku ingkung oleh pirang-pirang mau suwek kabeh, amarga kena lading.
Pokoke yen kelingan nalikane jaman semana mung kudu ngguyu lan mesem.

Dadi, aku iki nadyan  bagus pasuryane biyen wis nate dadi PENERBANG lho. (nek ala tanpa rupa, ora katon nuw, lha ora duwe rupa. Red.).

Lan iki contone kidung terbang mau:

Eling-eling sira manungsa,
Temenana lehmu ngaji,
Mumpung durung katekanan,
Malaikat juru pati.

Luwih susah luwih lara,
Rasane wong nang naraka,
Klabang kures kalajengking,
Klabang geni ula geni.

Rante geni gada geni,
Cawisane wong kang dosa,
Angas mring kang Maha Kwasa,
Goroh nyolong main zina.

Luwih beja luwih mulya,
Rasane manggon suwarga,
Mangan turu diladeni,
Kasur babut edi peni.

Cawisane wong kang bekti,
Mring Allah kang Maha Suci,
Sadat salat pasa ngaji,
Kumpul-kumpul ra ngrasani.

Omong jujur blaka suta,
Niliki tangga kang lara,
Nulungi kanca sangsara,
Pada-pada tepa slira.

Yen janji mesthi netepi,
Yen utang kudu nyahuri,
Layat mring kang kasripahan,
Nglipur mring kang kasisahan.

Awak-awak wangsulana,
Pitakonku marang sira,
Saka ngendi sira iku,
Menyang endi tujuanmu.

Mula coba wangsulana,
Jawaben kalawan cetha,
Aneng endi urip ira,
Saiki sadina-dina,

Kula gesang tanpa nyana,
Kula mboten gadhah seja,
Mung karsane kang Kuwasa,
Gesang kula mung sa’derma.

Gesang kula sapunika,
Inggih wonten ngalam donya,
Donya ngalam karameyan,
Isine apus-apusan.

Yen sampun dumugi mangsa,
Nuli sowan kang Kuwasa,
Siyang dalu sinten nyana,
Jer manungsa mung sa’derma.

Sowanmu mring Pangeranmu,
Sapa kang dadi kancamu,
Sarta apa gegawanmu,
Kang nylametke mring awakmu.

Kula sowan mring Pangeran,
Kula ijen tanpa rewang,
Tanpa sanak tanpa kadang,
Banda kula katilaran.

Yen manungsa sampun pejah,
Uwal saking griya sawah,
Najan nangis anak semah,
Nanging kempal mboten wetah.

Sanajan babanda-banda,
Morine mung telung amba,
Anak bojo mara tuwa,
Yen wis ngurug banjur lunga.

Yen urip tan kabeneran,
Banda kang sapirang-pirang,
Ditinggal dinggo rebutan,
Anake padha kleleran.

Yen sowan kang Maha Agung,
Aja susah aja bingung,
Janjine ridhone Allah,
Udinen nganggo amalan.

Ngamal soleh ra mung siji,
Dasare waton ngabekti,
Ndherek marang kanjeng nabi,
Muhammad Rasul Illahi,

Mbangun turut mring wong tuwa,
Sarta becik karo tangga,
Welasa sapadha-padha,
Nulunga marang sing papa.

Yen ngandika ngati-ati,
Aja waton angger muni,
Rakib ngatit sing nulisi,
Gusti Allah sing ngadili.

Karo putra sing permati,
Kuwi gadhuhan sing edi,
Aja wegah nggula wentah,
Suk dadi ngamal jariyah.

Banda donya golekana,
Metu dalan sing prayoga,
Yen antuk enggal tanjakna,
Mring kang bener aja lena.

Aja medhit aja blaba,
Tengah-tengah kang mejana,
Kanggo urip cukupana,
Sing akherat ya perlokna.

Aja dumeh sugih banda,
Yen Pangeran paring lara,
Banda akeh tanpa guna,
Doktere mung ngreka daya.

Mula mumpung sira sugih,
Tanjakna ja wigah wigih,
Darma ja ndadak ditagih,
Tetulung ja pilah-pilih.

Mumpung sira isih waras,
Ngibadaha kanthi ikhlas,
Yen lerara lagi teka,
Sanakmu mung bisa ndonga.

Mumpung sira isih gagah,
Mempeng sengkut aja wegah,
Muga sira yen wus pikun,
Ora nlangsa ora getun,

Mula kanca da elinga,
Mung sapisan aneng donya,
Uripmu sing ngati-ati,
Yen wis mati ora bali.

Gusti Allah wus nyawisi,
Islam agama sejati,
Tatanen kang anyukupi,
Lahir batin amumpuni.

Kitab Qur’an kang sampurna,
Tindak nabi kang pratela,
Sinaunen kang permana,
Sing sregep lan aja ndleya.

Dhuh Allah kang Maha Agung,
Mugi paduka maringi,
Pitedah lawan pitulung,
Margi leres kang mungkasi.

Nggih punika marginipun,
Tetiyang jaman rumuhun,
Ingkang sampun pinaringan,
Pinten-pinten kanikmatan,

Sanes marginipun tiyang,
Ingkang sami dinukanan,
Lan sanes margining tiyang,
Kang kasasar kabingungan.

Gesang kita datan lama,
Amung sakedheping netra,
Maena sami andika,
Rukun Islam kang lelima.

Nalika semana yo apal, ning saiki akeh sing lali. liyane kidung mau, ben ora bosen ana senggakan sing unine:

ngisor koro ana gemake,
nemu rondho sak anake

Pokoke lucu ing jamane, nadyan saiki malah dadi guyon. Mangkana mau, terbang jaman biyen, terbang jawa. Muga-muga isih ana sing gelem nglestarekne ya lur. Amiiin. #KD

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s