ANGKRINGAN MBAH MO – NULADANI PANAKAWAN 02

GARENG

garengGareng Panawakan kaping loro. Gareng uga duwe jeneng Pegatwaja, Waja (gigi/untu) gambarake yen to Gareng ora seneng panganan kang sarwa enak, kajawa ora setiti (boros) uga akeh penyakit (lara). Pancalmapor, kang gambarake menawa Gareng ora kepilut marang godhane donya (kadonyan). Nala Gareng, gambarake ati kang garing, garing marang kamulyan mulane tansah tumindak kang becik.

Gareng kagambar lan ka pada, awewangun mripat kang kero (juling) sing werdine ora gelem tumindak candala (jahat). Tangan ceko (bengkok), ngemu werdi yen to Gareng ora gelem colong cumuk duweni liyan kang dudu duweke (hak). Wondene sikil gejik (pincang) duweni werdi yen to Gareng ginambar wong kang tansah waspada ing samubarang gawe.

Ing crita pewayangan Gareng uga wis nate madeg dadi Ratu ajejuluk Prabu Pandu Bergola. Dene anggone dadi ratu, Gareng mung nyoba, ndadar marang ratu gustine, aja nganti amarga wis mulya banjur lali lan ora waspada. Yen ta ujug-ujug negara katanding prang musuh ora kaget, amarga yen ta temenan kawula kang dadi korban lan sengsara.

Pitutur:

  • aja nyawang wong amaerga wujute ning budi kang ana ing ati
  • manungsa kudu isa padha ngelingake
  • aja seneng njarah duweke liyan
  • tresnanana sedulur kanthi tulus, lan
  • samubarang tumidak kanthi kaetung sing permati

PETRUK

petrukPanakawan kang kaping telu iki digambarake, pinter wicara lan pancen sekti yen wis gelem tiwikrama. Kaya kang wus sring kita kabeh wuningani ing lakon Petruk Dadi Ratu. Ing lakon carangan mau, dicritakake menawa jimat kalimasada ilang dicolong dening Mustakaweni. Bambang Irawan lan Bambang Priyambada nganthi Petruk ujupe ngrebut jimat mau saka tangane Mustakaweni.

Jimat kasil karebut, lan banjur katitipake marang Petruk. Adipati Karna kang uga milik barang kang melok marang jimat mau, lan ing kono Petruk bandayuda karo Prabu Karna. Wusanane Petruk kena pusakane Karno kang aran Kyai Jalak, lan pralaya.

Nyumuri anake mati, Gandarwa kang dadi wong tuwane Petruk kang pancen sekti, lan antuk idine Hyang Widi petruk banjur urip maneh. Nadyan gandarwa, wong tuwane Petruk pilih ing tanding, mula gandarwa mau banjur sidikrama, ilang wujute gandarwa lan malih dadi Prabu Duryudana. Jimat Kalimasada banjur kauulungake marang Duryudana kang sejatine Gandarwa.

Pusaka jimat Kalimasada banjur dibalekake marang Petruk, lan wong tuwane menehi pitutur yen ta Petruk kudu ngati-ati lan jimat mau supaya diwenehake ana ing jerone iket. Mituhu dhawuhe ramane, Petruk dadi sekti mandraguna, Karna sing sekti uga bisa diasorake. Wusanane Petruk nglembara, lan akeh negara kang wus katungkulake marang si Petruk, semana uga negara ing Ngrancang Kencana lan ing kono Petruk banjur dadi ratu yaiku Prabu Wel Geduwelbeh.

Nalikane bakal winisuda, kabeh negara kang wus katungkulake teka. Ngamarta, Dwarawti lan Mandura sing maune ora gelem teka ing pungkasan uga bisa kaasorake, Prabu Kresna kang waskita ngirim Semar pinangka duta ngadepi Prabu Wel Geduwelbeh. Dredag mau nganti ora ana sing kalah lan uga ra ana sing menang, amarga pancen padha sektine. Sawetara suwe anggone bandayuda nganti luh kringet anggone padha prang, wusanane Gareng lan Bagong ngerti yen to kringet mau gandane kringete sedulure, yaiku Petruk.
Pungkasane Petruk konangan banjur ilang wujute ratu lan bali wujud Petruk.

Pitutur:

  • budi luhur lan watake manungsa ora bisa kaukur dening wadag (penampilan) nanging kanthi laku kang nyata
  • abdi (bawahan) tuhu lan setia marang gustine
  • yen to diwenehi tanggungjawab kudu tuntas kanthi becik
  • aja seneng milik barang kang melok banjur kepengen muluk
  • kabeh tindak tanduk iku kudu kebah ing pamikiran, aja kesusu lan gampangake 
  • duwe pribadi kang bisa momong, momot, momor, mursid lan murakabi: momong, lire bisa ngemong; momot, bisa nampa apa kang dadi kasusahane ratu gustine lan bisa mendhem wadi; momor, ora gampang runtik atine menawa dikritik lan ora gampang bombong menawa diumpak (sanjung), wondene murakabi, lire bisa migunani parang ing sesama
  • yen wis mulya aja nganti lali 
  • yen ta luput kudu dadagi apa kang dadi salahi lan gelam njaluk pangapura

BAGONG

bagongWandane bagong kagambarake emba Semar ning mripat lan tutuke amba. Bagong duwe kapribaden seneng guyon, pinter nglucu lan amarga saking lucune bisa dadi jengkelake, nadyan mangkana Bagong uga duweni pribadi kang jujur. Bagong uga digambarake abdi sing ora gampang miturut, percaya marang pituture wong liya, lan yen nyambut gawe kadangkala cepet-cepet tanpa petung.

Yen ta delok ing wanda lan kapribadene Bagong mau, pitutur lan kang bisa katuladan yaiku:

  • menawa wong urip iku perlu kasenengan (panglipur)
  • kabeh tindak tanduk, tingkah laku iku aja kesusu, kabeh kudu kapetung kanthi permati
  • kudu ngerti watak lan kapribadene wong siji-sijine amrih tentrem uripe ing bebrayan (bermasyarakat)
  • watak lan pribadi kang jujur, pinangka sangu urip ing bebrayan amrih kinasihan marang kadang mitra

#rinangkum saka sumber ing: website, blog, mp3, radio, buku, lsp. #KD

2 thoughts on “ANGKRINGAN MBAH MO – NULADANI PANAKAWAN 02

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s