PUSAKA SEJARAH – SERAT TRIPAMA 01

sumantri-sukasranaJakarta, nglarastenan – Bambang Sumandtri, Raden Sumantri putra Begawan Suwandagni ing pertaman Ardisekar, Ngadisekar. Bambang Sumantri tan pegat ing pengangen-angen anggone pengen ngabdi marang Parbu Arjuna Sasrabahu panitise Bathara Wisnu ing negara Maespati.

Bambang Sumantri digambarake satria kang bagus rupane, lan kepara sampurna, pinter olah gegaman lan duwe gaman kang ampuh kang aran senjata cakra. Bambang Sumantri duwe sedulur lanang kang aran Bambang Sukasrana. Sukasrana yen diibaratake kaya bumi lan langit, lan ing crita modern mbok menawa ora beda karo “Beuty and the Beast”.

Sukasrana iki kagambarake kaya buta bajang, nanging duwe keluwihan, kasekten kang
ora bisa karemehake. Sukasrana iki banget tresnane marang sedulur tuwane, yaiku Bambang Sumantri.

Cekake crita, Bambang Sumatri dewasa njaluk pamit marang wong tuwane, yaiku Begawan Suwandagni ing pertapan Adisekar, kang bakal ngabdi marang Prabu Arjunasasrabahu ing praja Maespati.

Ing tengah dalan Bambang Sumantri kesusul adine, yaiku Sukasrana. Sukasrana puguh anggone pengen tansah caket marang kangmase, lan pengen melu menyang ngendi tindake Raden Sumantri.

Bambang Sumantri wis teka ing praja Maespati, wondene ing Maespati lagi ana pawiwahan agung yaiku Prabu Sasrabahu anggone bakal nglamar Dewi Citranglangeni (cik apike rek asmane) Putri Prabu Citrawirya. Bambang Sumantri katampa anggone ngabdi, yen to bisa mboyong Dewi Citranglangeni menyang ing Maespati.

Bambang Sumantri pinangka dutane Prabu Sasrabahu wis ngancik ing Manggada, banjur sowan marang Prabu Citrawirya lan ngaturake apa anane. Cekake crita, panglamare Prabu Sasrabahu katampa dening Dewi Citranglangeni (mbuh sing bener sing ndi, Citranglangeni apa Citralangeni?) kanthi bebana, yaiku yen bisa mateni Prabu Darmasaraya saka negara Widarba lan uga ngaturake putri domas kang cacahe atusan pinangka madune sang Dewi (nek jaman saiki ra mungkin, wong madu siji wae wis dadi bandayuda je).

Kocap-kacrita, Bambang Sumantri bisa ngasorake para nalendra kang nglamar sang Dewi, semana uga Prabu Darmasaraya uga kasor ing jurit. Wekasan, Dewi Citranglangeni kaboyong menyang ing Maespati komplit putri domas kang cacahe atusan. Ing tengahing marga, Bambang Sumantri banjur duwe pamikiran yen bakal njajal marang Prabu Sasrabahu amrih sansaya misuwur tlatah ing Maespati.

Wusanane, Prabu Sasrabahu nampa apa kang dadi panantange Bambang Sumantri. Bandayuda antarane Prabu Sasrabahu lan Bambang Sumantri katon nggegirise, amarga padha sektine lan katon ora ana kang kasoran.

Wekasan Prabu Sasrabahu tiwikrama memba buta kang gedhene eba haldaka. Ing kono margane Bambang Sumantri nyumurupi titise Batara Wisnu, lan banjur nyembah marang sang prabu. Lan Prabu Sasrabahu kanda marang Bambang Sumantri, yen anggone bakal ngabdi ing Maespati bakal katrima yen ta bisa mintah Taman Sriwedari ing gunung Untara menyang ing negara Maespati.

Ngenes Bambang Sumantri, amarga tangeh ing lamun yen ta bisa mindah Taman Sriwedari menyang ing praja Maespati, kajaba ora ngerti ana ngendi pernahe taman mau, Bambang Sumantri uga ora duwe kaprigelan.

Bambang Sumantri mlaku nglambrang ora ngerti juntrungane, lan ing saktengahing alas Bambang Sumantri kepara pengen suduk salira (bunuh diri lur). Wekasan konangan marang adine, Sukasrana.

“Akang Anti, aja akang… akang Anti aja ati!” mangkana Sukasrana anggone ngendheg amrih kangmase ora mati suduk salira.

Sukasrana, nadyan wujude ora memper, lan cacat sak randune badan, Sukasrana uga cadel suarane.

“Aku isa antu kok kang, aku isa uter indahake aman siwedali kang!” ature sukasrana maneh.

“Yayi Bambang Sukasrana, kowe aja seneng nggeguyu lan katon ngece, ngolok-olok marang aku. Apa bener sira yayi Sukasrana bisa muter lan mindah Taman Sriwedari?” pitakone Bambang Sumantri kang ora percaya.

“Aku amin kok kang, aku isa ….anging akang Anti udu anji, anji alo aku. Aku ola isa isah alo akang Anti, aku anget tresna alang akang Anti!” Sukasrana negesake kesanggupane.

Bambang Sumantri banjur prasetya yen bakal nganthi adhine Sukasrana menyang ngendi wae. Lan krungu prasetyane kangmase, Bambang Sukasrana banjur ngajak kangmase ngambah dirgantara tumuju menyang ing Taman Sriwedari ing kahyangan.

Amarga Taman Sriwedari mau anane karana ciptaning Batara Wisnu, mula ora mokal yen ta tama mau uga bisa kaboyong kanthi cipta. Pungkasane, Sukasrana bisa mindah lan muter Taman Sriwedari kang endah lan angganda puspita rum menyang ing Maespati.

Bambang Sumantri, yekti gumun marang kasektene adhine, lan mokal bisa nganthi Sukasrana menyang ing Maespati. Mulane Bambang Sumantri banjur mbujuk, ngrayu marang Sukasrana.

” Yayi Sukasrana, kasektenmu pancen linuwih yayi. Aku matur nuwun banget marang si adhi, dene Taman Sriwedari bisa kaputer menyang ing Maespati lan mesti aku bisa ngabdi marang Gusti Prabu Arjunasasrabahu, lan ngaturake Taman Sriwedari iki marang Sinuwun Prabu, sakbanjure muliha yayi menyang ing pertapan Adisekar, lan aturna kanjeng Bapa Panembahan yen ta aku wis katrima anggonku nyuwita ing Maespati”.

“Ola, akang. Aku emoh ulih, aku elu owe akang. Alene akang aep ajak aku yen isa uter aman iwedayi, saiki akang akon aku ulih. akang apusi, aja yo akang amarga iku au isa ilangi sifat satiyamu, akang.”

Ngadepi kahanan kang kaya mangkana, Bambang Sumantri gemeter lan bingung, nyumurupi Sukasrana kang tansah pengen melu, ” aku aelu akang, aku elu yo akang, aku emoh ulih, aku elu akang……..!”

Amarga bingung piye amrih adhine gelem bali menyang ing pertapan Adisekar, Bambang Sumantri banjur ngagar-agari kanthi menthang langkap senjata cakra kanggo menden-medeni Sukasrana, nanging eloke Bambang Sukasrana ora wedi, lan tansah arep melu kangmase menyang ngendi parane.

Uwal saka kudangan, mrucut saka gendongan, Bambang Sumantri lena nggenya menthang cakra, Cakra mrucut saka astane nemahi Bambang Sukasrana, dadi lan sirnane. Kaget sang Bagus ngawuningani kang rayi mati ing astane.

“Akang, Anti. oe wis ego ateni aku. Akang, eling-elingen esuk en teko ing mangsakala entenana piwalesku, akang. esuk ing paprangan awan aseksa, ing kono iwalesku akang, aku unggu oe ing pang antunan akang”.

Gemeter ragane sang Binagus. Nandyan getun kayangapa kabeh wis kelakon lan ora bisa
kaputer maneh, kajaba rasa getun kang wus keduwung.

Cekake crita, Bambang Sumantri dadi oleh oleh kaluguhan ing Maespati lan karan Patih Suwanda. Pungkase crita, Patih Suwanda gugur ing madyaning prang klawan Prabu Dasamuka ginigit siung kang wus manjing kang rayi, Bambang Sukasrana.

Nuwun.

Pitutur lan tuladane crita:

Watak lan tekad Patih Suwanda mau oleh kawigaten saka pujangga gedhe Sri Mangkunagara IV, ing sastra kang asesirah Serat Tripama:

yogyanira kang para prajurit
lamun bisa sira anulada
duk ing nguni caritane
andêlira Sang Prabu
Sasrabau ing Maèspati
aran Patih Suwônda
lêlabuhanipun
kang ginêlung tri prakara
guna kaya purune kang dèn antêpi
nuhoni trah utama

lire lêlabuhan tri prakawis
guna bisa saniskarèng karya
binudi dadya unggule
kaya sayêktinipun
duk bantu prang Manggada nagri
amboyong putri dhomas
katur ratunipun
purune sampun têtela
aprang tandhing lan ditya Ngalêngka aji
Suwônda mati ngrana

Rong pupuh serat tripama iku mau duweni pitutur, yen ta dadi prajurit bisa-a nuladani
crita jaman kuno, yaiku abdidalem prabu Sasrabahu ing Maespati kang aran Patih Suwanda (Sumantri), amarga bektine kang wis kawiji ing telung prakara, yaiku pinter lan bisa, wani lan tekun, lan kang pungkasan asifat kang utama.

Tegese bekti telung prakara mau, pinter lan bisa ngrampungi pakaryan, di upadi amrih kasil lan menang, kaya nalika ambiyantu prang ing nagri Manggada boyong putri domas, kang diaturake marang ratu gustine, kewanene wis jumbuh rikala prang tanding kalawan ditya (buta) saka ngalengka (dasamuka), lan gugur ing madyaning prang.

Sifat lan lageyane Bambang Sumantri kang uga aran Patih Suwanda kapratelakake ing kapinteran, kekuatan lan kewanen kang saktemene duwe budi tanggungjawab kang luwih jembar. Watak lan tekad kang kaya mangkana mau patut yen ta dadi sangu anggone mbela negara lan bangsa.

3 thoughts on “PUSAKA SEJARAH – SERAT TRIPAMA 01

    • inggih jeng sis, mugi-mugi kita bisa menyarikan apa yang ada dicerita tersebut. pokok untuk melangkah harus berfikir panjang, biar tak menyesal…. nek wis kebacut, ya kudu nrima. wis jan esuk2 suemangat….. gambaruuu

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s