PUSAKA SEJARAH – SERAT TRIPAMA 02

kumbakarnaJakarta,nglarastenan – Kajaba tuladane Bambang Sumantri, ing serat Tripama kang kaping loro yaiku tuladhane Raden Kumbakarna. Sinebut Raden, Kumbakarna nadyan raseksa handarbeni watak satria.

Kumbakarna Putrane Resi Wisrawa saka Ibu Dewi Sukesi, putrine Prabu Sumali. Kumbakarna duwe sedulur papat, kang pambayun Dasamuka, kang kaping pindho Kumbakarna, kaping telu putri, yaiku Sarpakenaka kang asipat rasekski kang ngegungake nepsu asmara, lan kang wuragil Gunawan Wibisana, kang duwe sifat satria, bagus, alus bebudene. Kumbakarna uga duwe permaisuri, yaiku Dewi Kiswani lan saka Dewi Kiswani Dasamuka duwe anak kang aran Kumba-Kumba lan Aswani Kumba.

Purwakane crita, Dasamuka duwe gegeyuhan arep mboyong Dewi Shinta, yaiku titise Dewi Widowati yo Dewi Sri. Saktemene, Dasamuka iku duwe tresna kang luwih marang Dewi Sri, mula titisane Dewi Sri bakal kaluru lan bakal ginarwa dening Dasamuka. Sepisa Dewi Sri nitis marang Dewi Widawati, putrine Bagewan Wrehaspati. Sakwise Dewi Widawati suduk salira kanthi obong, Dewi Sri nitis maneh marang Dewi Citranglangeni (Citrawati, Citralangeni) putri Manggada, terus nitis maneh menyang ing Dewi Sukasalya utawa Dewi Ragu putrine Prabu Banaputra ing Ayodya. Nitis maneh marang Dewi Shitan putri Prabu Janaka ing Mantili, lan pungkasane sing wis nate tak rungu ing wayangan lan literatur marang Dewi Sumbadra putri Prabu Basudewa ing Mandura.

Cekake crita, Dasamuka anggone bakal mboyong Dewi Sinta ora mendha malah ndadra. Gunawan Wibisana lan Kumbakarna ditundung minggat, amarga Gunawan lan Kumbakarna duwe pamrayoga lan ora sarujuk yen ta arep garwa Dewi Shinta.

Gunawan minggat saka Alengka lan ngabdi marang Prabu Rama. Kumbakarna kang ora oleh melu Gunawan banjur tapa turu ing gunung Gohkarna.

Dredag antarane Alengka lan Ayodya saya suwe sansaya akeh kang prapteng sirna, akeh raseksa lan kapiwara kang mati. Patih Prahasta lan Sarpakenaka uga wis prapten lena. Gereng-gereng, koyo ngludug angambar dukane Dasamuka ngawuningani kahanan kang mangkana mau.

“Jitttttttttttt…… kaya pecah-pecaha rasane sirahku yen mikir kahanan iki. Eyangmu, yo Paman Prahasta saiki wis mati, uga bibi Sarpakenaka uga wis mati. Jittttt……kumpulna para wadyabala, aku dhewe sing arep ngremuk Rama lan kawulane!!!” mangkana sabdane sang narendra alengka.

Ora ana sabawane walalang alisik, gegodhongan datan ebah, samirana datan lumampah. Anane mung tintrim swasana ing pasewakan mau. Lan mangkene ature Indrajit, kang durung kawios ing lesan.

“Rama Prabu, mbok menawi Rama Prabu dereng wancinipun ngadoni pupuh, amargi taksih kathah anggul-anggul prang ing Alengka. Nun, paman Kumbakarna ing samangke nembe tapa sare wonten gunung Gohkarna” ature Indrajit marang Dasamuka.

“Jittt…. aku ngerti, menawa kalahe adhi-adhimu kabeh, uga eyang lan bibimu di dombani marang pamanu dhewe yiku si Gunanwan bangsat Wibisana. Kowe ngerti Jit, kasektene adhi-adhimu Trimurda, Trikaya, lan liya liyane? Kabeh adhi-adimu kuwi sekti-sekti Jit!”

“Nuwun nggih kanjeng Rama!”

“Wis saiki kowe minggata, temanana pamanmu ing gunung Gohkarna, lan aja nganti bali yen durung nganthi pamanmu, yen wis tak cepakake wit gurda kanggo gantung ndasmu JItttt!”.

Kaya samber gelap Indrajit krungu dhawuhe sang Rama. Sakwise matur lan manembah marang ramane, Indrajit kakanthi dening wadyabala Alengka mangkat menyang ing gunung Gohkarna, nggugah turune sang Kumbakarna.

Gelise crita, Kumbakarna ora bakal wungu anggone turu yen ta ora ngerti pangabarane, nadyan digebuki, ora tedhas tapak palune pandhe. Mula Indrajit banjur antuk wisike sang bibi Dewi Kiswani, yen ta Kumbakarna ora wungu anggone sare nadyan dipulasara. Kumbakarna bakal wungu yen ta kajabut wulupuhung, yaiku wulucumbu kang ana ing jempole sikil.

Gregah gennya sang Kumbakarna angennya wungu, kaget lan njejak Indrajit kang lagi njabut wulucumbune Kumbakarna, kadupak nganti lali purwaduksina (pingsan lur…).

Sakwise kabeh wis diaturake marang pamane, Kumbakarna banjur nyanggupi anggone bakal ngandoni prang. Nanging, Anggone maju prang mau ora amarga sarujuk marang apa kang ditindakake Dasamuka, nanging anggone maju prang mestuti anggone dadi satria, mbela marang tanah tumpah darahe. Lan Pungkasane crita, Kumbakarna gugur dening Prabu Rama.

Wondene pitutur lan tuladane njubuh marang pupuh Tripama ing ngisor.

wonten malih tuladan prayogi
satriya gung nagri ing Ngalengka
Sang Kumbakarna arane
tur iku warna diyu
suprandene gayuh utami
duk wiwit prang Ngalengka
dennya darbe atur
mring raka amrih raharja
Dasamuka tan keguh ing atur yekti
dene mungsuh wanara

Kumbakarna kinon mangsah jurit
ring kang raka sira tan lenggana
nglungguhi kasatriyane
ing tekad datan purun
amung cipta labuh nagari
lan nolih yayah rena
myang leluhuripun
wus mukti aneng Ngalengka
mangke arsa rinusak ing bala kapi
punagi mati ngrana

Tegese, ana maneh tulada kang becik, satria agung negara alengka, yaiku Kumbakarna. Nadyan asifate diyu/raseksa, nanging tansah mestuti ing kautaman. Wiwit prang alengka wis matur marang kangmase, nanging Dasamuka ora keguh, amarga mung mungsuh wanara/kapi.

Kumbakarna dikon ngajoni pupuh, nanging Kumbakarna ora gelem, hamung netepi kasatriane ing jroning tekad, melu mbela negara ngelingi yen ta wis urip ana ing alengka, Kumbakarna gugur inetepi kasatriane mau.

Mula, sifat sing kayamangkana mau bisa dadi tulada marang sak sapa wae.

Nuwun.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s