PUSAKA SEJARAH – SERAT TRIPAMA 03

karna-tandingJakarta, nglarastenan – Banjaran Karna, Suryaputra, Adipati Karna, Basukarna, Suryatmaja. Lakon ing Mahabharata kang miris ing crita pewayangan, wiwit lahir nganti gugur ing Bharatayuda. Karno lahir dicemplungane gendaka lan dibuang dening ibune ing bengawan gangga. Bayi Suryaputra mau banjur ditemokake dening kusir kraton Nganstina kang aran Adirata.

Pambukane crita, Pandita Durna kang pinangka dadi Guru olah kanuragan nganakake gladi. Pokoke sing melu gladi iku Pandawa lan Kurawa. Ing kono, Suryatmaja ngadoni pupuh lan nantang marang Arjuna. Nanging ing jaman semana kang isih ana golongane pandita, satria, kawula lan liya-liyane. Ing kono Karna rumangsa isen, amarga ora bisa ngaturake sapa wong tuwane. Mula cekake crita, Prabu Kurupati banjur menehi Karna wilayah Ngawongga amrih bisa tanding karo Arjuna.

Ing kono mau kawitane Adipati Karna prasetya yen ta ora bisa dipisahke karo Kurawa. Ing tembe Adipati Karna gugur ngrungkepi prasetyane, lan oleh kawigaten kaya ing serat trimapa kang mangkene:

wonten malih kinarya palupi
Suryaputra Narpati Ngawangga
lan Pandhawa tur kadange
lèn yayah tunggil ibu
suwita mring Sri Kurupati
anèng nagri Ngastina
kinarya gul-agul
manggala golonganing prang
Bratayuda ingadegken senapati
ngalaga ing Korawa

den mungsuhken kadange pribadi
aprang tandhing lan Sang Dananjaya
Sri Karna suka manahe
de gonira pikantuk
marga dennya arsa males sih
ira Sang Duryudana
marmanta kalangkung
dènnya ngetog kasudiran
aprang rame Karna mati jinemparing
sumbaga wirotama

Pupuh mau nyritakake yen ta ana patuladan kaya Adipati Karna, satria kang tuhu mestuti marang prasetyane, nalika Prabu Kurupati ngangkat raja ing Ngawangga, lan luwar saka kanistan nalikane olah kanuragan ing prang. Suryatmaja nduweni tekad males kabecikan lan mbela Prabu Kurupati nadyan nyawa kang dadi bebanane.

Tekade ora owah nadyan Ibu, Dewi Kuhti sing lan uga Prabu Kresna njaluk amrih nyabarake anggone mungsuh Pandawa amarga isih sedulur tunggal ibu. Nuwun.

Kabeh wong kang ana ing tanah Jawa, pantes tinulada marang sakkehing para prajurit (prawira), tuladanen lelabuhane. Aja nganti ilang, ninggal tumindak kang becik, lan yen ta nganti nistha tindake   ina (terhina) pungkasane. Nadyan tekade raseksa, nanging ora beda uga duwe rasa kang tansah ngupadi ing kautaman. Kaya pungkasane pupuh, ing ngisor.

katri mangka sudarsaneng Jawi
pantes sagung kang para prawira
amirita sakadare
ing lelabuhanipun
aywa kongsi buwang palupi
menawa tibeng nistha
ina esthinipun
sanadyan tekading buta
tan prabeda budi panduming dumadi
marsudi ing kotaman

Nuwun, para pandemen: wonten pungkasane serat tripama ingkang ngangkah crita sangking banjaran Karna, mboten komplit, awit wekdalipun. Pramila namung kaserat ingkang dados woting pitutur kang tuladane satria Ngawangga kalawau. Mbok menawi, wonten wekdal sanes badhe kaserat, kados pundi Adipati Karno, Suryatmaja lahir dumuginipun gugur ing prang Bharatayuda. Nuwun.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s