ANGKRINGAN MBAH MO – PUSAKA SEJARAH CERITA RAKYAT ‘ENTHIT’

kethoprak panjiJakarta, nglarastenan – Dik Sum bener-bener anggone kesengsem karo kethoprak, amarga anggone ‘browsing internet’ dik Sum nemu yen to ana Kethoprak Tobong sing arep pentas, mula banjur ngajak aku ngancani nonton, lan iki critane kethoprak mau.

Rikala jaman Kraton Jenggala, ana satria kang sulistya ing warna kang aran Raden Panji Asamrabangun. Raden Panji ora liya putra kraton ing Jenggala kang duwe garwa yaiku Dewi Galuh Candrakirana (dadi kelingan kancane mas Jack, Aluh Manyaran).

Dewi Galuh Candrakirana uga sulistya ing warna, lan yen to cinandra turah rupa kurang candra. Galuh Candrakirana pakulitane abengle kering, memanise angujiwat. Raden Panji lan Dyah Ayu Candrakirana emba midadara lan midadari, kaya Raden Bagus Ganteng lan Dyah Ayu Sumi.

Cekake crita, Raden Panji lunga saka Jenggala, ora pamit sapa-sapa. Mendrane sang Panji nganti gawe Dyah Ayu Candrakirana lara. Candrakirana kang maune ayune tumpuk undhung malik grembyang katon kuru lan pucet saengga ngati kaya pocong. Ngawuningani kahanan mangkana, Prabu Amiluhur banjur marentahake marang putrane, yaiku Raden Panji Gunung Sari.

Randen Gunungsari pamit marang Prabu Amiluhur lan nganthi Bancak lan Doyok ngpadi mendrane sang Panji. Ragil Kuning rumangsa sedih nyumurupi kakang mboke nandang sungkawa, prasasar nganti kaya godhong jati aking salirane. Ora tega nyumurupi kahanan kang sarwa gawe ngenes mau banjur Ragil Kuning pamit marang kakang mboke lan Prabu Amiluhur, lan kepengen ngupadi amrih kondure sang Panji.

Ing jaman semana dicritakake menawa Dewi Ragil Kuning anggone jajah desa milangkori, maewu-ewu kutha wus diliwati, hamung merga tresnane marang mbak ayune Dewi Galuh Candrakirana. Ora krasa lan ora dimangerteni, Dewi Ragil Kuning wus prapto ing tlatah desa, yaiku Banjarsari. Desa Ing desa Banjarsari ana keluarga kang wus suwe urip bebrayan, nanging nadyan wus pirang-pirang tahun, lan pirang-pirang windu durung diparingi momongan. Kanthi tawakal lan pasrah marang Gusti kang akarya jagat lan ndonga muga-muga enggal pinaringan momongan, ning pengarep-arep mau pungkasane mung kari pengarep-arep, kamangka alon-alon, sansaya suwe umure wis saya tua, lan mung bisa pasrah marang pesthine Gusti Kang Maha Ngerti uga kudu bisa mupus apa kang dadi pengarep-arep mau.

Cekake crita, keluarga mau anggone sapejangong mak beduduk, lan kaya thathit nalika semana ana manungsa kang ala rupane ngadeg ana sak ngarepi keluarga mau. Manungsa kang kurang sampurna, yen to diibaratake memba kaya Bambang Sukrasana, ala rupane tur suarane bindeng. Sedyane wong mau bakal ngenger marang bapa lan nini mau. Mbok menawa pancen wis dadi pesthine karo sing Maha Kuasa, wong kang rupane ala mau katrima kanthi ati kang seneng lan malah diangkat dadi anak karo keluarga mau.

Bumi gonjang lir gonjing ing desa Banjarsari, amarga keluarga mau sakwise katekan wong ala rupane kang diparingi jeneng Enthit pranyata mahanani kabegjan kan linuwih. Prasasat rejekine mbanyu mili, apa kang ditandur dadi subur, brambang bawang ora kekurangan, kedele sak mete-mete, parine ijo-ijo lan sato kewan, ingon-ingone sapi, kebo, wedus lan sakpiturute katon lemu-lemu. Desa Banjaransari dadi desa kang misuwur ora kurang ing samubarang, kebutuhan gizi warga kabeh kecukupan amarga
ora ana ontran-ontran daging larang, dele anggone impor macet, lan sing durung suwe bumbon bawang brambang uga regane nganti tekok pucuk ing langit kaya desa sak kiwane desa Banjarsari.

Enthit pancen bocah kang nyambut gawene sregep tur temen. Amarga karemane olah tetanen mau ora ana tandingane, kapinteran ing babagan olah tetanen ora tida-tida, mula ora gumun yen dadi tulada.

Ing salah sawijine dina Enthit menyang alas. kaya padatan Enthit tansah mikul pacul lan nyengkeli arit kanggo matun, ngresiki suket ing sak kiwa tengene tanduran. Ing wektu kang padha, Ragil Kuning anggone jajah desa milangkori wus teka ing desa Banjarsari, kaget nymurupi manungsa kang ala rupane, tur suarane ora pati cetha amarga bindeng. Ragil kuning jerit lan kepara arep malyu golek tulung. Ora mung Ragil Kuning kang kaget, Enthit semana uga ora kurang kagete nyawang putri Jenggala Dewi Ragil Kuning. Kenapa Ragil Kuning putri Jenggala nganti teka ing Banjarsari?

Kenapa si Enthit kaget, lan sapa sejatine Enthit mau?

Enthit nyoba ngleremake atine ragil kuning saka rasa wedi mau, amarga pancen Enthit iki emba setan. Kasil anggone ngleremake, lan Ragil Kuning ora sida mlayu lan malah kepara dadi sedulur sinarawedi.

Ing kene mbah putri Waljinah nalika isih temur duwe sekar kang diparingi asesirah, “ENTHIT”.

waljinahRagil Kuning: Enthit..iiiitt…it, sing nandur bawang guedi guedi kuwi sapa enthit???
Enthit: Sing nanduy…. akqu ya wuk, pek en abeh yo wuk yuo angel di joli……
Ragil Kuning: gemang enthit, aku mung takon wae kok! Enthit…iiitt..it, sing ngingu sapi luemu-luemu iku sapa enthit…it.
Enthit: sing ingu akqu yo wuk yo… pek en abyuehh…. yo wuk yo anggel di joli …..
Ragil Kuning: gemang Enthit, aku mung takon wae kok …..

Si Enthit atine, rumangsa di ece….. raden panji wus bali, suka rena sak nagari, …lsp.

Enthit saktemene ora liya putra raja Jenggala yaiku Raden Panji Asmarabangun kang mendra saka kraton lan nyamar dadi wong kang ala rupane. Dadi ora nggumunake yen to Enthit kaget rikala nyawang Ragil Kuning ana panggonan kang gawat, amarga ing desa Banjarsari akeh wong kang tindak dursila, kayata maein, madon, lan sing ruame madat (narkoba). Pokoke desa Banjarsari kuwi akeh wong madat, lan pranyata uga akeh bandar lan pabrik candu ing kene.

Raden Panji pengen nglebur angkara murka lan kepara njaga, ngelindungi adine, yaiku Dewi Ragil Kuning. Para brandal, lan wong kang ana ing Banjarsari lan sak kiwa tengene nyumurupi ana kenya kang ayu rupane banjur pada rebutan bakal anggone ngayunake. Saben dina kahanan mau ora sansaya mendha ning malah kepara ndodra. Kabeh sing nantang Enthit kepara isa dikalahake kabeh.

Cekake crita, Raden Panji Gunungsari kang nganthi abdine Bancak lan Doyok sakwise mlebu alas, munggah gunung, mudun jurang prapto ing desa Banjarsari. Wektu iku mahanani dredrag ing antarane para brandal kampung mau kalawan Enthit. Panji Gunungsari misah dredag mau, lan emba kaya ngapa kagete sang bagus rikala ngerti apa kang dadi pusere dredag mau, ora liya mung pada rebutan kenya ayu sulistya ing warna Dewi Ragil Kuning. Ing mangka Dewi Ragil Kuning calon garwane
Raden Panji Gunungsari. Dredag antarane Enthit lan Raden Panji Gunungsari katon rame.

Dredag ing antarane pangeran Jenggala sing padha sektine ing olah kanuragan. Padha-padha pinter olah gegaman, nanging pranyata Enthit yo Raden Panji Asmarabangun luwih duwur tatarane ilmu. Alon-alon Raden Panji Gunungsari sansaya mundur lan ora kuwat nglawan serangane Enthit, wusanane Raden Panji Gunungsari ngetoke pusaka kang sekti lan kanthi pusaka sekti mau katamanake jajane Enthit.

Bumi gonjang lir ganjing, thathit ambarung ing mega gelap ing kahanan mau. Ilang wujudte Enthit kang ala rupane, banjur mak bedunduk ana piyayi gagah lan bagus rupane, yo ora liya Raden Panji Asmarabangun. Kaget Raden Panji Gunungsari ngawuningani menawa Enthit mau ora liya sedulure sepuh kang diupadi. Seneng dene wis ketemu marang Raden Panji, wusanane Raden Panji Asmarabangun, Raden Panji Gunungsari, Dewi Ragil Kuning lan para abdi bali menyang ing Jenggala.

Sakdurunge kondur menyang ing Jenggala Raden Panji banjur maringi pitutur marang kawula ing desa Banjarsari:

“Para kawulaku kabeh, sakpungkurku ing desa Banjarsari iki bisa adoh saka tindak maksiat kayata ta, madat, madon, minum, main men-nyolong (nekat ae lah nulise). Tumindak kaya mangkana mau supaya didohi. Lan pinangka kawula ing pradesan ayo bali mersudi, nyupaya nyambut gawe kang temen ben aja nganti kaya desa sebelah kang sarwa kekurangan, brambang bawang, daging sapi, lombok, kedele sarwa larang nganti tekan satus ewu sekilone, mahani kabeh kawula padha sengsara!” ature ang Panji.

Pungkase crita, Raden Panji sak rombongan wus prapto ing Jenggala, mula Prabu Amiluhur seneng atine semana uga Dewi Galuh Candrakirana kang saya suwe pulih. Pungkase kaya tembang Enthit sukarena sak nagari. end

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s