ANGKRINGAN MBAH MO – DADIA BANYU OJO DADI WATU

WAYANGNglarastenan – Bengi iki aku mampir menyang angkringane Mbah Mo, lan ndilalahe bengi iki akeh sedulur saka Jawa, mligine piyayi saka Wonogiri kang pada mangudarasa ing angkringan.

Beneh karo padatan, bengi iki Mbah Mo kersa ngudar kawruh Jawa, yaiku filosofine yen manungsa urip iku bisoa “DADI BANYU AJA DADI WATU”. Ukarane kang cekak nanging ngemot piwulang kang luhur. Kenapa manungsa iku kudu bisa duweni sifate banyu? Amarga yen ta banyu iku asifat adem, lan dadi kebutuhane wong akeh. Kepara kabeh sing urip kang dicipta dening Gusti Allah, SWT mesti mbutuhake banyu.

Banyu pinangka zat kang asifat ora atos kayadene watu, tegese awujud lumer mula krasa alus yen nganti kena pakulitan.

Beda karo watu (batu). Watu duweni sifat kang atos (keras). Watu uga dibutuhake manungsa kanggo gawe omah, pawon, dalan, lan liya-liyane.

Saiki endi sing luwih utama antarane banyu lan watu, kuat ndi ing antarane loro mau?

Manungsa lumrah mbok menawa milih watu kang kuat, nanging wong kang wis menep pikire lan ngerti sejatine zat mau mratelakne mbok menawa banyu kang luwih becik lan kuat. Kok iso? Kaya kang wus nate katulis nalika semana, menawa banyu ora bisa kasuduk dening gegaman (keris, pedang, cundrik, lsp), nanging watu bakal lebur dening palu (pukul), linggis, lan sak piturute.

Tegese nadyan banyu iku katon ringkih tanpa daya, nanging duweni kekuatan lan daya kang linuwih. Tetese banyu kang terus terusan bisa nglebur watu lan bisa ngelekake, uga mindahake watu.

Kanthi ngaca lan ngudari werdine kawruh Jawa kang adiluhung mau, yaiku “dadia banyu aja dadi watu” yen to di wedar manungsa kudu bisa duweni sifat banyu kang alus, lembah manah, andap asor kaya sifate banyu. Kaya urip ing ngalam donya kang kebak ing reruwet kudu diadhepi kanthi ati kang wening, kanthi sabar.

Aja nganti niru sifate watu kang sarwa atos, kang ngrampungake masalah nanging malah nuwuhake dredah lan masalah liyane. Filosofi utawa kawruh Jawa iku kebak ing sanepan, kaya ukara Jawa. Ukara Jawa, yaiku kang di pangku ukara mau banjur dadi ukara mati, semana uga wong Jawa. Manungsa, mligine wong Jawa yen diumpak banjur nurut lan manut apa kang dadi karepe, nanging yen ta dilawan kanthi kasar, yen ta ora wani adu arep ing mburi isih ngancam piye amrih unggul jurite.

Mangkana mau Mbah Mo anggone ngudari kawruh Jawa a la angkringan. Mbok menawa isih akeh kawruh Jawa kang adiluhung, kang wusasane bisa gawe tentreme bebrayan lan sesrawungan, kayadene “aja cedhak kebo gupak”, “sopo sing temen bakal tinemu”, lan liya liyane. end/kd

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s