ANGKRINGAN MBAH MO – NGGOMBALI WIDURI

gombal3Nglarastenan – Widuri, prawan kang dadi kembang lambe ing desa Kemuning, Ngadiraja yo mung amarga kasulistyane lan swarane kang becik tan bisa ginambar kanthi basa lan ukara. Widuri kang saiki lagi ngrampungake kuliah ing Sekolah Tinggi Seni Indonesia (STSI) Kota Ngadisalira lan saiki lagi nyambi dadi penyiar radio streaming siaran basa Jawa dadi punjering lakon.

Angkringan Mbah Mo bengi iku katon gayeng, amarga lagi ana gathering (pasamuan) forum pecinta siaran Jawa kang bengi iku kanthi ngundang narasumber Widuri, amarga kejaba bocahe semanah uga wis aneh, mligine para sutresna siaran Jawa.

Aku salah sawijine pandemen siaran Jawa mau, kang wis nate ketemu marang Widuri, lan pancen kesengsem marang slirane, kanthi ndredeg (makhlum ra tau ketemu artis), tak wanekne anggonku mbuka ukara, hamung awit tresnaku marang dheweke. Mbah Mo kang wis nggraita apa kang dadi karepmu mung mesam mesem karo nyemoni, nanging aku ora nganggep lan kabeh mau tak rasa kaya kongkang mangungkung jroning blumbang. Nalika semana, aku kang lagi ketaman panah asmara nganti lali marang dik Sum.

“Widuri, kowe ngerti to, yen aku iki dadi wong kang mlarat sak donya?” pocapanku marang Widuri.

“Lire piye mas?” Widuri pitakone.

“Ngene lho dik, kan pancen kasunyatan yen ta atiku wae saiki kowe sing duweni!” wangsulanku.

Widuri kanthi gemes njiwit pupuku nganti abang, ning amarga njiwite kanthi tresna mula tak rasa kaya ketiban ndaru awakku.

“Widuri, aku percaya yen sliramu ambane papan plesiran Waduk Gajah Mungkur, aku uga percaya yen sliramu uga wis ngerti dhuwure gunung gandhul ing Wonogiri….” durung rampung anggonku ngomong, Widuri kanthi lirakan netrane kang lindri-lindri banjur munggel anggonku ngomong.

“Trus maksute piye mas?” pitakone Widuri.

“Sliramu mesti ora ngerti ambane tresnaku lan dhuwure pengangen-angenku pengen lelumban asmara karo sliramu!” Widuri semburat pipine katon abang njiwit bakekanku, mak tratap jroning atiku sansaya sengsem marang eseme ing lathi kang pahit madu.

“Aduh… lara to dik!” aku sambat karo nggegem drijine Widuri.

“Ben kapok, lagian Mas Demang sih …..” wangsulane Widuri kang marahi mak clesss, kaya panase mangsa ketiga ketiban udan adem dadi sakala.

“Widuri, abot anggonku ngampet rasa kang angreridu mring tyas mami. Mulane mumpung saiki sliramu tindak mrene, aku duwe pitakonan kang pungkasan, yaiku: kenapa bumi, ngalam donya kang dadi papan panggonane awake dhewe iki ora gelem mandhek anggone muter??” pitakonku marang Widuri.

“Aku ra ngerti mas! Opo kuwi maksute?” takone Widuri.

“Amarga Bumi durung maringi idi (ijin) anggonku nresnani sliramu!” panggodaku marang Widuri kang semu pelangi pasuryane.

“Ah, Mas Demang kuwi senenge mung gombali ….. tapi, bener kan Mas Demang sayang???”

Gubrakkkk$#$!^&%&^!&……. end/kd

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s