KAWRUH JAWA -NULAT TEMBANG GUGUR GUNUNG

kerjabaktiNglarastenan – Nalika jaman isih timur, lelagon utawa tembang gugur gunung dadi tembang dolanan kang ngemot piwulang kang adiluhung. Gugur gunung tegese nglebur gunung, nanging ‘mustahil’ bin kalaksanan yen ta mung ijen tanpa rowang.

Tembang gugur gunung duweni ‘spirit’ lan ‘inspirasi’ marang kita kabeh, yen saktemene pakaryan kang abot bisa rampung yen ditindakne kanthi bareng-bareng. Ing crita wayang seri Ramayana (Rama Tambak) uga wis tinulis, tangeh ing lamun yen ta wanara bisa gawe kreteg ing samudra kang nyambung antarane Kraton Gua Kiskendha lan Kraton Ngalengka. Nanging pakaryan kang ketoke tangeh lamun mau kanthi semangat gugur gunung rampung, kang tembange gugur gunung mau unine mangkene:

Ayo kanca ayo kanca ngayahi karyaning praja
Kono-kene kono-kene gugur gunung tandang gawe
Sayuk sayuk rukun bebarengan ro kancane
Lila lan legawa kanggo mulyaning negara
Siji loro telu papat bareng maju papat-papat
Diulang-ulungake murih enggal rampunge
Holopis kuntul baris holopis kuntul baris
Holopis kuntul baris holopis kuntul baris

Kanthi semangat njupuk saka ‘spirit’ Gugur gunung ora kaget yen ta nusantara bisa dadi negara kang kaeka adi dasa purwa, tegese eka sawiji adi linuwih dasa sapuluh purwa wiwitan, nadyan akeh titahing jawata kang kasongan ing angkasa, kasangga pratiwi, kapit ing samudra akeh sing padha anggana raras.

Nusantara dadi nagara kang panjang punjung, pasir wukir loh jinawi gemah ripah karta tur raharja, lire panjang pocapane, punjung dhuwur kawibawane, pasir samudra, wukir gunung, dene negara kang ngungkurake pagunungan (akeh gunung), ngeringake pasabinan (negara agraris), nengenaken banawi, ngayunake bandaran gedhe (bahari), loh tulus kang sarwa tinandur, jinawi murah kang sarwa tinuku, gemah kang lurnaku dagang, rinten ndalu tan ana pedote, labet tanana sangsayaning margi, aripah janma ing manca kang sami griya salebeting praja, jejel apipit, pangrasa aben cukit tepung taritis, papan jembar katingal rupak saking rejaning nagari, karta kawula ing padusunan pada tentrem atine, mungkul pangulahing tatanen, ingon-ingon kebo sapi, pitik iwen tan ana cinancangan, rahina aglar ing pangonan, yen bengi mulih marang kandhange dhewe-dhewe, raharja tebih ing parang muka, dene para mantri , bupati pada kontap kautamane, bijaksana limpad ing kawruh poutus marang wajib pangrehing praja, tansah dhuwur kukuse adoh kuncarane, ora ana mung tanah Jawa kang sumujud, sanajan ing tanah sabrang akeh kang sumawita, tanpa kalawan karaning bandayuda, mung kayungyun pepujaning kautaman, babasan sing celak manglung, kang tebih tumiyung, saben antara mangsa asok bulu bekti, glondhong pangareng-areng, peni peni raja peni guru bakal guru dadi.

Iku mau nek kabeh sayuk saeka praya bebarengan mangun praja mrih kuncara. Gugur gunung saiki malah tegese ngeruk isine gunung (mineral, mas, inten, lsp) sing maune munjung dhuwur dadi segara. Pasir wukir loh jinawi entek dening nepsu wong kang aluamah, mung pengen selak muluk kang tembe malah keselek. Pnjang pocapane, opo-opo dadi uder-uderan, dredah sing tan ana juntrungane. Punjung dhuwur kawibane wus ilang, luntur punjung dhuwur ngisin-isini.

Nusantara ngungkurake pagunungan tegese negara kang secara geografis akeh gunung-gunung, kang ndadekake loh kang sarwa tinandur, ngeringaken pasabinan pocapa malah tuku menyang bangsa manca, wis ora prigel anggone tetanen. Ngayunane bandaran gedhe uga ora jumbuh marang jejuluk ing nagara bahari, lan kasunyatane malah mayuto-yuto ton di colong manca (pencurian ikan).

Jejel riyel apipit aben cukit tepung taritis ora amerga raharjaning praja nanging kepara bisoa nyambung urip, ora kuwat tuku papan lan sandang. Ingon-ingon tan ana cinancangan, nanging kasunyatane saiki sandal wae ilang merga sudahe kahanan, nanging sing reja ingon-ingon sapi dadi dalan korupsi lan nglembuk wanita.

Mantri bupati kontap kautamane, mung ana crita pewayangan, amarga ora sethithik bupati sing tumintak nalisir kayata korupsi, lan tindak dursila liyane. Dhuwur kukuse, sing moncer mung utang, tumindak nista lan ala. Sing padha asok glondhong pangareng-areng arupa pajek mung entek di glembuki.

Mula semangat lan spirit gugur gunung mau piye sing arep ngecakne, yen arep di cakne ing kanggo tumindak dursilojuti yo kaya korupsi jama’ah kene iki, lan saiki angel lan susah para kadang mitra diajak kerja bakti, alesane werna-werna, mula bonuse oleh bena (banjir). Nek arep dicakne kanthi bener lan pener, ora mokal nusantara dadi nagara kang ana janturan kang becik ing dhuwur mau. end/kd

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s