WOLAK WALIKE JAMAN

mobilmurahcabemahalNglarastenan – Bar mangan sego thiwul jangan tahu tempe di lodeh khas Wonogiren, gerih goreng lan kahiring swara penyanyi kang nembang tembang “Wedi Karo Bojomu” katon mak cles. Opo maneh kahanan mau kumpul bareng kadang mitra sing akeh-akahe sedulur perantauan lan suasana pinggir danau kang asri, tambah marahi betah.

Srengenge bali ing peturon, mula swarane walang kecek, jangkring genggong lan kepakane codot, kalong kang metu saka pandelikan golek mangsa kanggo ngebaki weteng kanthi golek woh-wohan amrih bisa urip. Semono uga aku lan di Sum, sore iku mlaku tumuju menyang angkringane mbah Mo sing kondang joss gandos.

“Mbah, jahe susu anget kalih nggih mbah!” aturku marang Mbah Mo kang lagi sibuk ngudhak wedang kanggo pelanggane.

“Inggih mas! Kok tumben mboten plesiran dinten minggu?” wangsulane Mbah Mo.

“Mboten mbah, lha pripun sakniki kedah ngirit kersane kebul-kebul kwaline!” wangsaulanku.

Sansaya suwe sansaya gayeng jagongan ana angkringan iki, amerga Mbah Mo kaya padatan, ndlidir lir selo blekithi ature.

“Mbak Sum, coba panjenengan galih! sakniki pripun jal, kebutuhan pokok kabeh ganti regane, nganti bingung sing arep ngecakne!” ngendikane Mbah Mo.

“Kalawingi sing rega janganan kabeh ganti rego, saking bawang, brambang, lombok jemprit, kedele lan sakpanunggalane. Lan nek dipenggalih maneh, negara saniki malah maringi mobil murah, lha opo ora kewolak kewalik iki jal!” anture Mbah Mo rada jengkel.

“Nggih to Mbah, lha wingi dereng enten mobil murah men muacete jian mboten ketulungan. Udan, banjir sithik pungkasane nginep, pripun mangke cobi? Mbok reregan janganan niku sing diurus kanthi permati, kanthi manah ingkang leres nggih mbah!” aturku mangsuli Mbah Mo.

“Iya Mbah, kemaren aku biasa beli makan siang pake telor dadar doang sama tempe aja masak dua belas ribu, padahal sebelumnya tidak lebih sepuluh ribu!” Dik Sum anggone nimpali rasa-rasan bengi iku.

Durung nganti rapet anggone dik Sum mingkep, mbah Mo banjur nimpali.

“Inggih lho mbak, lha niki sing dodolan kaya kula niki opo ra sansaya kaya woh simalakama to mbak. Arep diundake regane rada dhuwur mesti pelanggane sami mabur, pindah nek ora diundhake mangka modaale sansaya cekak, entek!” Mbah Mo sansaya mempeng anggone wadul.

“Lha nggih diundhakne ngaten mbah, mbok penawi ingkang tindak mriki nggih sami mangertos kok kahanan sakniki. Kula nggih gumun, pripun niku piyayi sing wonten kahyangan niku, kirang mikir kalih kulo njenengan sing sansaya susah, ning malah dodolan sing mboten penting sanget” sauranku marang mbah Mo karo ngadek nggrogok dompet mbayar wedang jahe susu.

Pamit mbah Mo lan ora lali ngaturke panuwun, lan dik Sum kanthi mesra ngrangkul bangkekan mlaku mecaki dawane wengi. clesss….

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s