CERITA CEKAK – NGALAMUN

ngalamaunNglarastenan – Minggu Pahing, ing sakngisore grojogan Sewu, midit angin gunung Lawu nggawa banyu grojogan nelesi rambutku. Krasa adem ngampiri lan nggawa wewayangan kang ireng rupane, saya cerak saya cerak lan sansaya ilang pandelengku.

“Ngimpi to”, batinku. Aku ngadeg lan ngaca, “wah aku isih ayu!” Muter-muter lan mesam mesem. Kanthi bebetan anduk aku banjur menyang kolah, nimba banyu kanggo adus.

Krucuk-krucuk wetengku protes, lan kuman-kuman sing ana weteng iki ngajak aku menyang kakus. “Ambune”, batinku. Lega, rasane, aku banjur menyang kolah. Banyu sing kawit mau tak timba banjur ngithik-ithik awaku sing marahi teges, seger.

Budal menyang kampus kang manggon cerak Bengawan Solo numpak kendaraan liwat pasar Wonogiri kanthi kebak pitakonan. “Opo yo werdine impenku mau?”. Tekan sekolah ora konsen anggonku sinau, mung kepikiran impen mau. Mak tratap, kanthi ora sadar wis ana pria kang ngadek ing sampingku, kapan pria iki ana kene aku nganti ora nyumurupi tekane.

“Dik Memee, balik sekolah maem bakso yuk neng plintheng semar!”. Campur aduk rasaku krungu swarane pria gantheng duwur lencir kaya thathit nyamber, jemblegur ing kupingku gawe atiku meh arep gogrok rasane.

“Ma, banyune anget wis disiapne?” Swara mau nggawe kaget lan buyar kabeh, ilang anggonku ngalamun ing pinggir danau, ngalamunke lelakon nalika timur.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s