SUM KANG TULUS – CERITA CEKAK

musdesNglarastenan – Dik Sum, kembang desa sing ayune telung kecamatan baribasane. Tegese, upama prawan, kenya telung kecamatan (Wuryantoro, Ngadirojo, Manyaran) diklumpukake kabeh, Dik Sum iki kepara isih katon ayu dhewe. Dik Sum jan pethingane kembang desa kang wasis ing organisasi lan kondhang anggone mbela marang kaum pinggiran.

Gumun setahun, jembleng serendheng, piyayi sing ayune tumpuk undhung iku durung duwe sisihan, alias isih legan. Dudu merga ora payu, nanging dik Sum duwe gegayuhan kang suci, kang luhur, yaiku ngentasake para fakir lan miskin kanthi dampingi amrih mentas saka kesusahan lan bisa mandiri.

Dik Sum meh ora tau ana ngomah, amarga tansah mider saben dinane, paribasane njajah desa milang kori ora kendhat anggone menehi piwulang, penyuluhan kanthi kreatifitas kang dijumbuhake marang kebutuhan ing daerahe. Saben klumpukan musyawarah desa, dik Sum ora lali tansah meling, aja nganti njupuk, ngorupsi hake rakyat. “Ojo milik barang kang melok, ojo mangro mundhak kendo”. Tegese, aja gampang miur, kesengsem marang sesawangan kang katon wah, merak ati, sulistya ing warna lan aja mikir mangro (mendua) amrih ora kendho niat lan semangate.

Dik Sum wis nate dilamar pejabat, kang duite ora kuat kapikul lan kaindhit, nanging ora ngerti saka ngendi anggone oleh donya mau.

“Dik Sum, aku iki pejabat sing gawene mangreh negara mrih kawula uripe raharja, negara gemah ripah loh jinawi, murah kang tinuku tulus kang tinandur karta tur raharja” ature penggedhe mau ing nalika iku.

“Yen sliramu gelem dadi bojoku, wis ora perlu midering rat mrana mrene dadi fasilitator, cukup ana ngomah, lan yen pengen blanja menyang luar negeri, pengen pariwisata numpak prahu mung kari kandha, kabeh beres,” kandhane panglamar kang nggedebus marang dik Sum.

Sum mung bisa manthuk-manthuk, mudheng yen ta para penggedhe ing kutha pancen wasis lan pinter ngomong, mula ora gumun yen ta pinter anggone apus-apus lan korupsi, ngakali laporan kang bisa mili menyang kanthonge dhewe, ngumbar hawa lan nafsu pribadi. Dik Sum kanthi nggrapyak lan semanak mangsuli,

“Mas, lamaran panjenengan wis tak tampa lan bakal tak gantung ing wit semboja iki, baliya mrene yen ta sedulurku sing nasipe ora kaya panjenengan wis urip mulya, raharja lan ing dina iku aku bakal mangsuli”.

Nggeblas, para penglamar kang pancen mung golek lan ngoyah donya, ora mikir kawula kang nandang susah amerga duite entek kanggo nguja diri pribadi. Dik Sum kang dadi fasilitator program pemberdayaan kanggo ngentasake kemiskinan mau banjur mbacutake anggone nyemangati, kanthi menehi conto-conto wong kang wis kasil uripe. end

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s