GUYON – OBAT STRES

smileNglarastenan – Refreshing, iku cara manca kanggo ngilangi kesel, bosen, stres lan sakpiturute. Apa maneh kanggone wong kang tansah sibuk ngayahi pakaryan utawa sibuk anggone sekolah, amarga kanthi refreshing rasa bosen mau alon-alon bakal kintir, ilang.

Refreshing sing murah ya maca cerita lulu khas nglarastenan. Modal komputer kantor utawa nyilih kanca sekolah, mbukak nglaras tenan njur milih/klik Humur/Lelucon. Kejaba gratis, stres ilang lan lali karo utang lan pikir sing buneg. Ora percaya?

PACARAN

Ing salah sawijine dina, malem Minggu ing taman Ayodya, Barito, Jakarta Selatan ana sepasang remaja, sebut wae jenenge Gus Heri lan Ning Widi.

Gus Heri: Sayang, kowe kentut ya?

Ning Widi: ups… iya, cin. Soale wis ora bisa nahan maneh! emange kenapa cin?

Gus Heri: ambune iku lho, nganti kaya parfum import, sayang!

Ning Widi: wangi banget ya, cin???

Gus Heri: ora wangi sayang, nanging awettt……!!!

Gubrakk!?!?!?!?!?…

NAMPA FAXIMILI

Crita iki saktemene crita lawas, yaiku udakara tahun 1995, nalika duwe kanca kenthel sak pakaryan ing program desa tertinggal salah sawijine departemen.

Cekake crita, ing jroning forum bisnis internasional kang dianakake ing negara maju, ing kolam renang mlumpuk wong telu, yaiku Amerika, Jepang lan Indonesia.

Ujug-ujug ana suara bib, bib, bib….. Wong Amerika banjur mbukak telapak tange, “Oh, nuwun sewu nggih, telapak tangan pun diparingi chips, dadi bisa nampa SMS tanpa alat, lha iki langung ana ing tlapakan…” kandhane kanthi umuk, nyawang kancane mdomblong.

Ora let suwe, krungu suara telepon, wong Jepang mencet godhonge kuping, “Oh, nuwun sewu ya, aku nampa telepon sik, kupingku wis diwenehi chips lan ilatku uga wis dipasangi chips, dadi nampa telepon mung kari kayadene wong ngomong biasa” kandhane si Jepang, pamer.

Nonton kahanan mau, delegasi Indonesia katon gugup. Apa sing arep tak pemerke ben bisa ngalahake wong-wong iki? Amarga stres, banjur delegasi Indonesia mau krasa ngising pamit menyang mburi.

Rampung anggone ngising, amarga ing negara maju ora ana banyu, banjur di lap nganggo tisu toilet, lan suwekan tisu mau isih ana sing keri lan keselit ing celana renange. Gumun, wong Amerika lan Jepang mau banjur nuduhi suwekan kertas ing bokong lan kandha, ” Kertas apa kuwi sing ana mbokongmu?”

“Oh, nuwun sewu iki mau aku bar mari nampa fax!” jawab delegasi kanthi mantep tanpa tidha-tidha, lan mesem nyawang kancane sing nggeleng-nggelengake sirah rumangsa menang.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s