DHANDHANGGULA PEPETRI – KAWRUH JAWA

semutireng

Se-mut i-reng a-nak a-nak sa-pi = 10i
Ke-bo bong-kang nya-brang ka-li be-nga-wan = 10a
Ke-yong gon-dhang crak su-ngu-te = 8e
Ti-mun wu-ku ron wo-lu = 7u
Su-ra-ba-ya ge-ger ke-pa-ti = 9i
A-na wong ngo-yak ma-can = ta
Den wa-dha-hi bum-bung = 6u
A lun – a lun Kar-ta-su-ra = 8a
Ga-jah me-ta ci-nan-cang wit si-da-gu-ri = 12i
ma-ti ci-ne-ker a-yam = 7a

Iku versi sing bener miturut guru gatra lan guru wilangan uga guru lagu. Kajaba iku, akeh sing ndak rungu lan kawaca, pupuh tembang mau ora pas yen tinilik saka guru gatra lan guru wilangan sanadyan bener ing guru lagune, antarane:

Se-mut i-reng a-nak a-nak sa-pi = 10i
Ke-bo bong-kang nya-brang ka-li be-nga-wan = 10a
Ke-yong gon-dhang ja-rak su-ngu-te = 9e (sing bener 8e)
Ti-mun wu-ku go-dong wo-lu = 8u (sing bener 7u)
Su-ra-ba-ya ge-ger ke-pa-ti = 9i
A-na wong ngo-yak ma-can = ta
Den wa-dha-hi bum-bung = 6u
A lun – a lun Kar-ta-su-ra = 8a
Ga-jah me-ta ci-nan-cang wit si-da-gu-ri = 12i
Pa-ti-ne ci-ne-ker nga-yam = 8a (sing bener 7a)

Cakepan tembang mau duweni isi lan pralambang kang maneka warna, nanging ing antarane ngemu piwulang, dongeng kaya mangkene:

  1. Semut ireng pralambange Dewi Supadi putri saka Wandhan , garwa pangrembe Prabu Brawijaya, kang pakulitane ireng manis. Anak – anak sapi, yaiku peputra Lembupeteng. Lumbupeteng iku kapundhut putra mantu dening Kyai Ageng Tarub, lan didhaupake karo Dewi Nawangsih utawa Rara Kasihan. Lembupeteng uga kasebut Bondhankejawan
  2. Kebo bongkang, pralambange Kyai Kebokenanga lan Kebokanigara, putrane Prabu Brawijaya kang ora karsa manjing agama Islam. Priyangung loro iku wusanane padha tumeka ing seda, yaiku kang dipralambangake: nyabrang kali bengawan. Kyai Kebokenanga disedani dening Sunan Kudus, Kyai Kebokanigara seda muksa ana ing gunung Mrapi.
  3. Keyong gondhang jarak (crak) sungute, pralambange Mas Karebet utawa Jaka Tingkir, ing ngatase turunane wong cilik kok bisa jumeneng Ratu.
  4. Timun wuku gotong (ron) wolu, pralambange Panembahan Senopati dijumenengake Ratu saka pambiyantune wong wolu yaiku 1) Ki Ageng Pemanahan (Ki Ageng Mataram), 2) Ki Juru Martani, 3) Ki Panjawi, 4) Ki Jurukithing, 5) Ki Buyut Wirasaba, 6) Tumenggung Majang, 7) Pangeran Made Pandhan, lan 8) Adipati ing Batang.
  5. Surabaya geger kepati, pralambange bedhahe Surabaya, wong – wong ing Surabaya padha bingung pating bilulung (geger). Nalika semana kang jumeneng Adipati ing Surabaya asma Pangeran Ratu Agung : dene sing mbedah asma Tumenggung Mangun Oneng lan Tumenggung Sepanjang, utusane Sultan Agung ing Mataram.
  6. Ana wong ngoyak macan den wadhahi bumbung, pralambange Tumenggung Urawan (utusan Mangkurat ing Kartasura) nalika nyekel kraman kanthi gampang, kang dadi panggedhene kraman Pangeran Puger.
  7. Alun – alun Kartasura…..sabanjure, pralambange kraman aran Dirana (anake lelurahe Srati kanga ran buyut Dirada) dicekel dening Pangeran Pringgalaya (utusane sinuwun ing Kartasura). Sauwise kacekel kraman Dirana dicancang ana ing wit wringin satengahe alun – alun Kartasura, nuli dirampog sarana dicocogi dom nganti tumeka ing pati, yaiku kang dipralambangake: Patine (mati) cineker ngayam.

Para sesepuh, pinisepuh ingkang wasis ing babagan sejarah, mugi kersa paring pepadhang mrih lestari, lan ingkang leres mboten tebih saking sejarah. Nuwun.

Sumber: kakumpulake saka sak wernane literatur

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s