OPO TUMON

gambar ulaJakarta, nglarastenan – Usum udan kaya saiki penake ngapa? Mestine mancing. Ganteng, anake mbah Mo senenge mancing. Ning amarga ana kutha, blumbang sing digawe mancing kalah karo Mall lan “komplek perumahan” mulane Ganteng senenge mancing sing iwake ora di gawa mulih sing karan mancing “Galatama”.

Ora esuk, ora awan ora wengi angger ana wektu senggang mesti nggawa walesan (joran) trus mancing. Ing salah sawijine wektu Ganteng arep mancing borongan. “Mas Ganteng, ojo lali mas mengko nek oleh akeh iwake aku njaluk yo!” suarane Sumi sak bantere. “Beres, Sum” imbalane Ganteng.

Amarga mancing borongan, olehe budal dicepeti. Pas tekan blumbang durung ana kancane. kanthi umpan ing pucuki pancingan kang wis siap, pancingan banjur di uncalake lan kanthi donga ben enggal dipangan iwak. Dilalahe, ora antara suwe kumbule ilang prantanda di pangan iwak. Kanthi reflek walesan di gentak sak kuate lan di gulung ukele senar pancing.

Kaget lan kaweden, jebul sing kena pancing dudu iwak ning ula. Merga kaweden, Ganteng mlayu ngeciput, sawatara noleh neng mburi ula isih melu ngoyak. Sawatara suwe, kanthi nafas kang ngap-ngapan sadar yen ta ulane isih nyangkut ana pancingan, dadi angger mlayu di kira nguyak dheweke.

Bareng cerak omahe, trus ula mau di uwali saka pancing karo bocah cilik-cilik lan malah di anggo dolanan. Sumi kemekelen anggone ngguyu nonton kahanane si Ganteng. Piyadeke preman, rambut gondrong karo ula wae kok wedi. Batine Ganteng mangkel karo ngguyu dhewe. #kaya kacritakake marang KD.