ANGKRINGAN MBAH MO – LEGENDA KETHOPRAK MANGGALAYUDA SUDIRA

sudiroNglarastenan – Mbah Mo bengi iki tumben nyetel MP3, lan jarene Mbah Mo kepara tamba kangen nalika isih ana ndesa, durung nglembara kaya saiki. Mbah uga crita, jaman biyen kuwi radio kepara barqang kang wah, amarga ora saben wong duwe. Mangkene Mbah Mo mau anggone crita.

Ngeling-eling lan mundur ing jaya-jayane kethoprak Mataram Sapta Mandala, yaiku nalika jaman Widayat, BA lan Marsidah Bsc kang lagi moncer, meh radio RSPD, RRI lan RSSNI (Radio Siaran Swasta Nasional Indonesia) mesti ana siaran kethoprak, mligine ing bumi Jawa Tengah, Ngayogyakarta lan uga Jawa sisih Wetan (Jawa Timur).

Jawa Tengah, mligine Ngayogyakarta lan Surakarta pinangka punjering budaya nalika semana akeh ‘tokoh-tokoh’ kang kawentar ing babagan seni, ing antarane Basiyo (dagelan), Ki Narto Sabdo (wayang), Bagong Kusudiharjo (tari) lan tartamtu seni panggung yaiku kethoprak.

Nek udakara antarane tahun 90an kabeh wong kepincut marang sandiwara radio, ing antarane seri Satria Madangkara (Brahma Kumbara), Ibuku Malang Ibuku Sayang, lan Tutur Tinular. Sakdurunge sandiwara mau ‘ngetrend’ ana seni budaya kang mujudake asli budaya Jawa yaiku kethoprak mau.

Salah sawijine crita kethoprak kang ‘fenomenal’ saka para kanca tani, bocah sekolah, lan para nayakane praja kabeh kapilut marang crita kethoprak mau, yaiku nalika jayane seri SUDIRO. Crita kethoprak kang nyritakake kawula (rakyat jelata) kang kasil ing olah kanuragan lan nganti dadi Manggalayuda (panglima perang) ing Kraton Tanjung Anom.

Crita kethoprak seri SUDIRO iki miturut aku ora duwe sejarah kang jelas, utamane nyempal marang sejarah kraton, nanging malah kepara crita ‘fiksi’ sing pancen wasis kang nganggit, kanthi crita runut, apik lan pitutur kang becik, apa maneh sing dadi paraga Widayat kanthi swara kang bening lan sampurna pinangka dadi SUDIRO lan uga Marsidah, Bsc. kang pinangka dadi Lestari.

Nadyan crita kethoprak mau ora ana gandheng cenenge marang kraton ing tanah jawa (fiksi) nanging amarga ‘setting’ crita mau kepara kenthel ing crita Jawa, ora mokal yen to kethoprak Seri Sudiro bisa rinasuk ing ‘masyarakat’ Jawa.

Kethoprak seri Sudiro akeh perangane, ing antarane:
Sudira Papa,
Manggalayuda Sudira
Maeka Sudira
Sudira Kadakwa
Sudira Kapidara
Sudira Bangkit
Sutrisna – Waryanti (anak Sudiro)
Gogok Wasiat,
Waryanti Mutung
Klinthing Wasiat
Sudira Gugur
Sutrisna Sapu
Yowandana Lena
Sapartibraja Lena
Lesancaka Gugur
Sutrisna Tumpes Kelor

Ing crita, Sudira duwe bojo Lestari lan duwe anak, yaiku Sutrisna. Sutrisna uga ngrabi Waryanti, wanita kang sekti mandraguna.

‘Tokoh fiksi’ ing lakon kethoprak iki, antarane:

Prabu Lesanpura – Raja Tanjunganom
Pangeran Lesancaka – gantine Prabu Lesanpura
Sudira – Manggalayuda Tanjunganom
Sutrisna – Manggalayuda II Tanjunganom (anak sudira)
Jimbunanom, Danawilapa, Adipati Yoandana, Lestari, Waryanti, Senapati Utara, Cempala, Cempaka, sapartibraja, Tosidana (Basiyo), Tosiani, lan sakpiturute.

‘Intrik’ ing crita mau kepara komplit, saka politik, asmara, lan dagelan (Basiyo, Cs.). Fintah, lugu, pinter sekti pokoke kabeh katon ngangeni, opo maneh sing dadi paraga, swarane kang ngrangin, bening jan ora ana sing madhani. end/kd (kethoprak lovers)

OASE – EMPAT SIFAT KEUTAMAAN SEORANG PEMIMPIN

Guyonan, gegeculan, guyon. Pada suatu ketika ada pengajar budi pekerti, karena sudah sering diulas dalam belajaran-pelajaran seblumnya maka sang pengajar menanyakan kepada anak didiknya didalam suatu kelas dengan bertanya, “anak-anak, masih ingat pelajaran minggu lalu?”.

“masih pak!!” jawab para murid dengan serempak, khas teriakan anak SD.

“Baik, kalau begitu Bapak mau bertanya, coba sebutkan 4 sifat seorang pemimpin???” tanya sang pengajar tadi.

“Shiddiq, amanah, dan tabligh!!!”, jawab dan anak-anak dengan kompak dan serentak.

“Lho, kok cuman tiga, satunya kemana?” tanya pengajar tadi kepada para anak didiknya.

“Yang satu sedang di KPK Pak Guru!!”, murid-murid menjawab dengan lantang dan merasa benar.

Sang pengajar hanya geleng-geleng kepala sambil berkata, “#!#!$!$>>!#!)#!I#)!)(!_)!(#*~~#~&(*!”

“Anak-anak, biar tidak salah lagi bapak akan bahas lagi sifat-sifat tadi dan dengarkan baik-baik. Di jaman dahulu seorang pemimpin harus punya sifat yang tercermin dalam Hasta Brata, atau delapan keutamaan seorang pemimpin. Nah, sekarng kita juga mempunyai tauladan, sifat seorang pemimpin seperti Shiddiq, amanah, tabligh maupun fathonah.

Shiddiq
Shiddiq artinya benar. Bukan hanya perkataannya yang benar, tapi juga perbuatannya juga benar. Perbuatan harus sejalan dengan ucapannya. Beda sekali dengan pemimpin sekarang yang kebanyakan hanya kata-katanya yang manis, seperti saat kampanye namun perbuatannya berbeda dengan yang ucapannya.

Amanah
Amanah artinya benar-benar dapat dipercaya. Jika suatu urusan diserahkan kepadanya, niscaya orang percaya bahwa urusan itu akan dilaksanakan dengan sebaik-baiknya. Jadi apa yang dijanjikan disaat kampanye, akan dilaksanakan dengan ikhlas dan sungguh-sungguh. Suatu hal yang sangat terhina bila seseorang diberikan amanah, namun ternyata orang tersebut khianat.

Idelanya seorang pemimpin harus mempunyai sifat seperti tersebut diatas, karena memang itulah amanah rakyat yang dipimpinnya, bukan malah memperkaya diri sendiri, memuja dunia dengan mungumbar hawa dan nafsu sehingga lupa ataupun melupakan amanah yang diembannya.

Tabligh
Tabligh artinya menyampaikan. Sifat ini bila di era sekarang, atau era reformasi sesuai dengan keterbukaan. Berani bicara jujur dan transaparan, bukan sebaliknya berani bohong demi mengejar yang bolong-bolong. Meski saat ini banyak orang mendengungkan demokrasi, reformasi namun masih tidak sedikit yang tidak berani menyampaikan kejujuran, menyampaikan kebenaran tetapi yang ada kebanyakan mencari pembenaran.

Fathonah
Artinya Cerdas. Mampu mengelola negara, rakyat yang dipimpinnya dengan cerdas, cerdas dalam mencari solusi untuk kesejahteraan, kemakmuran warga, rakyat yang dipimpinnya. Jadi cerdas bukan kemudian diartikan pandai mencari harta dengan kongkalingkong untuk menunjang nafsu syahwat pribadi. Bukan pula cerdas melobi demi kepentingan segelintir orang maupun golongan”.

Begitu, pelajaran budi pekerti tadi yang disampaikan sang pengajar dengan kiasan-kiasan yang mudah di cerna dan dimengerti. end/kd

SEJARAH – MENGINGAT KEMBALI TUNTUTAN REFORMASI 98

Mengingat kembali 6 tuntutan reformasi 1998.

1. Penegakan Supremasi Hukum
Perkembangan Supremasi Hukum di negeri ini masih jauh dari sempurna, meskipun hampir tidak ada kesempurnaan pada manusia. Namun paling tidak harus ada kemajuan yang cukup signifikan dalam penegakan hukum di negeri ini. Yang jadi masalah, sekarang banyak ahli hukum, banyak orang berbicara hukum tapi tidak sedikit juga yang justru mempermainkan hukum. Tiap hari bikin undang-undang, tapi kenyataan di lapangan ‘jauh pagang dari api’. Masih banyak kasus besar yang belum terselesaikan dengan tuntas.

2. Pemberantasan KKN
Reformasi Birokrasi sebagai Syarat Pemberantasan KKN, kenyataannya para pelaku paling pinter mempelintir memanfaatkan celah untuk memperkaya diri sendiri maupun keluarga, dan tidak sedikit pula yang mengatasnamakan demokrasi, sehingga keluarga (anak, istri, keluarga lainnya menggantikan bapak, atau keluarga dekat). Jadi apanya yang tidak nepotisme??? Coba kita tengok daftar dinasti politik di CALEG 2014.

3. Pengadilan Mantan Presiden Soeharto dan Kroninya
Untuk diri Pak Harto sendiri saya tidak yakin, tapi untuk kerabat dan kroninya monggo, silakan. Kesederhanaan Pak Harto sebenarnya masih tercermin sampai akhir hayatnya, dimana memilih untuk di rawat di rumah sakit lokal, dan dikebumikannya pun tidak di makam pahlawan. Rumah tinggalnya pun tidak mewah-mewah amat.

4. Amandemen Konstitusi
Sebenarnya kalau berani, UUD 45 sudah cukup sempurna, tapi justru dijadikan kekuatan untuk mengamandemen dengan dalih reformasi yang kebablasan juntrungnya (15 tahun pasca reformasi)

5. Pencabutan Dwifungsi TNI/Polri
Sudah dilakukan, cuman aparat sebagai alat negara tumpul dan jadi bulan-bulanan penegak Hak Asasi yang kebablasa, Hak Asasi Tanpa Bentuk menjadi Hak Asasi Kepentingan. Penulis sendiri pengennya penegak TNI/Polri makin gagah dan di segani tapi tetap merakyat, tidak ada lagi aparat yang tidak berani menembak penjahat, perampok yang melakukan kejahatan tidak melihat hak korbannya (hidup, memiliki harta, kekayaan).

6. Pemberian Otonomi Daerah Seluas-luasnya.
Kedengarannya sih indah, tapi tidak sedikit daerah yang gagal melaksanakan otonomi, dan tidak sedikit pula daerah yang mengalami kemunduran, dimana sarana infrastruktur makin hancur, dan seperti tumbuh raja-raja baru.

 

ANGKRINGAN MBAH MO – SINAU FALSAFAH JAWA (SINOM)

Nglarastenan – Bengi iki ing angkringane Mbah Mo beda karo padatan, sinambi nglayani para sedulur, mligine sing seneng kasarasan ngunjuk wedang jahe, Mbah Mo rengeng-rengeng nembang macapat sinom kang ukarane mangkene:

nuladha laku utama
tumrape ing tanah Jawi
wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senópati
kapati amarsudi
sudaning hawa lan nafsu
pinesu tapa brata
tanapi ing siyang ratri
amemangun karya nak tyasing sasama

“Pripun niku tegese mbah?” pitakonku marang Mbah Mo.

“Ngene lho mas, mbak menawa pupuh sinom mau mesti sampeyan sring mireng to nalika sampean isih timur (SD), nanging kurang ngerti apa kang dadi pituture tembang mau, semana uga simbah ro ora mudheng nalika semana. Nah saiki simbah tak nyoba melu ngonceki opo kang dikersakne kang nganggit sekar mau.

Nuladha laku utama, eling lan nuladhani laku kang becik apa maneh tumrape wong kang urip ing tanah Jawa. Becik, nulat marang wong agung, yaiku Panembahan Senopati kang tansah amersudi meper hawa lan nepsu amrih suda, hawa nepsune aja malah di reh dening hawa lan nepsu.

Pinesu tapa brata, dilereni hawa lan nepsu mau kanthi tapa brata, prihatin awan lan bengi, ing antara shaum lan sholat wengi, uga tansah amemangun marang urip bebrayan (bermasyarakat)”, mangkono pungkase Mbah Mo anggone ngonceki tembang ma, kar ngudak teh ginasthel.

Nglarastenan kagum marang Mbah Mo lan tartamtu marang pujangga-pujangga jaman biyen mau, dene pinter anggone nganggit pitutur kang diwujutake ing tembang macapat, geguritan, parikan, serat lan sak panunggalane. Nalika cilik mung ngapalne tan ngerti apa sing kamot ing sastra, lan apa kang kaujup ing ukara mau.

Apa pancen amarga saiki akeh wong sing lali marang pitutur lan tumindak kang nalisir adoh saka budaya Jawa, wis kalah lan kagerus dening budaya saka njaba sing ujare liwuh modern. Modern, adoh saka unggah ungguh, lembah manah ing pasrawungan, pamarentahan lan uga ing bebrayan.

Bacah saiki senenge nonton campursari, lan kepara wis kurang sing seneng nonton wayang. Kamangka ing crita wayang iku akeh pitutur lan ngemot wewayangane wong ing ngalamdonya. Nonton wayang saiki akeh-akehe nunggu goro-goro, bubar goro-goro sepi mamring kahanane. Mula ora beneh, yen sansaya suwe wayang kepara kapinggirake.

Monggo, dumateng para winasis katuran paring pepadhang, lan meneraken anggen kawula mbuka lan gempil pitutur saking sekar macapat kalawau kang tartamtu taksih tebih saking kasampurnan. end/kd

PANGUDARASA – NGGREMENG

iki apes apa wis garise bangsaku
tan bisa pener nglari bebener
antuk wakil kang padha keblinger
subya-subya ngentekne bandha negara
thenger-thenger matane padha siwer

sura-sura anggone ngecu
nadyan ngegla yen dinulu
politisi padha ngapusi
rakyat akeh padha mlarat
yen dirasa nganti kaya sekarat

jaya jayaning iblis
lunjak-lunjak ing ndhuwur wentis
ora eling kawula kang nangis

nerak wewaler jarene bener
akeh kawula sing padha keblinger
lemah negara diaku bandha
golek redana ben bisa mikut wanita

wong cilik padha pethakilan
ngaca ratune sing dha gemblakan
daging sapi digawe bancakan
nguja wanita ujare sedekahan

dira-diraning ratu diyu
mentala nggaglag rah kawula iku
hamung nguja diri pribadi
mangka donya ora digawa mati

murka-murkaning ibu pertiwi
mangka ngegla lan nggegirisi
banjir bandang sepirang pirang
wong lanang akeh lambene abang

nggrenang nggreneng karo ndememeng
lambe setumang nganti semerang
mikir kadang kang padha gamang
gawang-gawang ing ngawang-awang

Katitimangsa ing Jakarta,
Jum’at Legi, 7 Rajab 1434

GEGURITAN – WUYUNG

lewung atiku nyawang sliramu,
kayungyun slagamu kang tambah ayu
andheng-andheng dekik pipine
bareng ndak pandheng kok kaya ngene

dasar ayu tur lencir kuning
ndadekake atiku sansaya koming
mbok yo mesem ojo mung mrengut
wuyung kapendem kaya semaput

kangenku wis ndak ampet sewengi
tansah wuyung tresnaku tan bisa lali
esuk-esuk streaming gglink
aku eling lan kudu sumandhing

ANGKRINGAN MBAH MO – AJA RUMANGSA BISA, NANGING BISOA RUMANGSA

Nglarastenan – Oleh titipan saka kenya kang dadi ganthilane ati sing kepengen ngerti apa ta maknane tembung, “Aja rumangsa bisa, nanging bisoa rumangsa”. Ngibrit mampir angkringane Mbah Mo, pesen jahe sing wangi karo matur lan njaluk pepedhang wedare tembuang iku marang Mbah Mo. Sinambi leladi langganan Mbah Mo banjur crita babagan ukara mau kanthi banyu mili.

“Mas Bagus, “aja bisa rumangsa, nanging bisoa rumangsa” tegese: dadi wong iku aja umuk lan ngrasa bisa, nanging bisoa ngrasa (merasakan). maknane tembung lan ukara mau duweni pitutur menawa manungsa bisa tumindak kang lembah manah, andhap asor aja suwalike, yaiku dadi wong kang drengki, iren, gunggungan lan sak piturute.

ing masyarakat jawa tradisional pribadi kang lembah manah, andhap asor mau ora kok ateges minder (rendah diri). ing piwulang jawa manungsa, nengenakake laku supaya bisa metani pribadi, kang ujupe ora gelem ngunek-unekake liyan utawa ngasorake liyan.

jumbuh karo pitutur mau, ing sesrawungan kudu bisa lembah manah ora kesurung pengin ngegungake awake dhewe, lan apa maneh ing tatanan budaya jawa mligine ora ana papan panggonan kanggo tumindak sing ngremehake utawa ngasorake liyan. ringkese tembung, ora prayoga (etis) yen ta ngasorake (mempermalukan) liyan ing keramean / pawiwahan (publik) kanthi pocapan apa maneh tumindak kang ora prayoga lan sak mestine.

“bisaa rumangsa” wekasane nggawa hawa kang bisa nentremake diri pribadi lan uga liyan, ora kepilut marang subya-subya utawa kekareman kang tanpa winates (euforia), lan sifat kang ora becik mau kang saktemene duweni pamrih (pribadi, keluarga, golongan, lsp). tumindak bisoa rumangsa tartamtu bisa gawe bungah lan nyenengake ati uga nentremake marang liyan”. Mangkana mau anggonku nyedhot kawruhe Mbah Mo bengi kuwi, nanging Mbah Mo yo ngendika, mbok menawa ana ruweting ukara lan salah anggone basa gelem menerake. end/kd

PUSAKA SENI – MERDUNYA SINDHENKU

sinden ayuNglarastenan – Saben awan, mligine ing streaming Radio Gunung Gandul Links aku tansah ngrungokne gending-gending jawa lan kasambung klangenan campursari sing diaturke kanthi swara kang ngangeni ing ati, yaiku Sri  Suminten Widyasworo Rinjani. Ing ati karo mbatin, ebo kayangpa yen ta ora ana sinden (penyanyi)? Donya katon sepi, lan angelangut kahanane, wengi katon tintrim mung kaprungu suarane jangkrik ngerik, gegodangan lan walang alisik.

Mulane, padha ngaturke panuwun dene sinden diparingi kepinteran olah swara dening Gusti kang akarya jagat, mung bisoa nglipur wong kang lagi nandang kingkin (basa apa iki?).

Nalika nglarastenan isih balita (sok eling sok ora) sring diajak rama lan ibu nonton wayang, mligine gagrak Surakarta lan sak elingku mung sepisan nderekake nonton wayang versi Nyayogyakarta Hadiningrat ing watesan Ngayogya lan Wonogiri, penere dalem Eyang kang nembe mengku gati nalika semana.

Sinden pinangka paraga amrih regenging swasana, lan wayangan jaman biyen akeh-akehi cukup sinden siji, dadi ora kaya saiki menawa wayangan bisa di sindeni nganti cacahe puluhan. Sinden, mbok menawa oleh tembung sendhen, amarga nalika jaman biyen sindhen mapan ing ngarepe pengendang lan sring sendhenan kendang.

Rikala jaman swargi Ki Narto Sabdo (KNS), sindhen utawa waranggana ngalami owah-owahan, kejaba KNS wasis nganggit lelagon lan gendhing-gendhing kanthi ukara kang gampang diresepi apa kang dadi isine, kayata Prahu Layar, Mbok Yo Mesem, Petis Manis lan sak pituture sindhen kang dadi pengiring dhalang luwih saka siji. Gampange crita, sinden kudu bisa anut marang owahe jaman, semana uga anggone ngagem busana lan paes.

Sinden saiki ora mung ngejibne olehe melu wayangan, amarga cacahe sinden lan dhalang ora imbang, uga sing nanggap wayang saiki wis suda. Kejaba nyinden ngiringi wayangan, sinden lan para paraga (niyaga) banjur gawe campursari lan anut marang owahe jaman, yaiku kasenengane wong kang sarwa ringkes.

Sinden klasik beda banget anggone ngadi busana yen to nonton Opera Van Java utawa Campursari. Sinden jaman biyen anggone ngadi busana lan ngadi salira kudu anut marang pakem, lungguh simpuh kanthi gelung kang wis pinatut, dene sinden saiki busanane wis katon werna-werna lan sanggule uga anut owahe jaman modern.

Sinden KWJaman biyen sinden yen sepi ing tanggapan banjur golek samben, antarane wadehan, semana uga sinden saiki, nadyan tanggapane ndlidir sambene uga akeh, kayata buka restoran, model, lan sak piturute. Sindhen jaman biyen tanggapane anut wulan kang becik, beda karo sinden saiki, sak wayah-wayah isih ana tanggapan senadjan kala-kala ana wulan kang rada sepi. Sinden saiki uga ora baen, amarga sinden saiki akeh sing duwe titel S.Sn. (Sarjana Seni) kanggo nyengkuyung anggone madek dadi sinden profesional.

Jaman modern (dudu jaman edan lho), arep golek panglipur wayangan, opo mirengne gendhing lan campursari ora perlu nanggap, amarga wis gampang anggone arep nglaras. Jaman biyen yen ora nanggap utawa nonton ana panggonane wong resepsi paling-paling mung mirengne radio.

Jaman wis owah, saiki kabeh sarwa instan, ning muga-muga kabudayan mligine budaya jawa wayang, kethoprak, lan sindhen klebu campursari ning dudu sinden KW ora enggal digawe instan, tetep ana peneruse. end/kd

ANGKIRNGAN MBAH MO – OJO CEDHAK KEBO GUPAK

KEBO GUPAKNglarastenan – Ngangsu kawruh ing angkringane Mbah Mo. Bengi iki mbah Mo njlentrehake tembung “Ojo cedhak kebo gupak”, filosofi kang wujud sanepan mau duwe teges aja nganti cedhak marang pawongan, sesrawungan karo wong kang tumidak ora becik amarga bisa kecipratan alane. Prayogane pancen mengkono, lan saiki akeh kacabenggala kang trep karo filosofi mau, nadyan ora kabeh kaya mangkono.

Crita ontran-ontran kang lagi rame ing layang kabar, warta online uga televisi lan radio ing antarane kasus AM lan uga IDS.

Garwane AM sing ngaku ora ngerti apa kang ditindakake kakunge banjur oleh kecipratan crita kang ora becik, uga para wanita-wanita kang ana sesambungane marang AM. Semono uga crita kang nemahi marang IDS lan mitra, sedulur ing kiwa tengene.

Akeh tulada kanggo tumindak kang ora bener lan ora pener ing urip bebrayan, sesrawungan ing jaman kang wis kepara maju iki. Akeh panggodaning urip, kayata wanita, kaluguhan, lan bandha donya. Wong kang wis kapilut dening mitra kang kepara utang bebuden nganti lali marang tumindak kang bener, ing antarane nganti dadi korban obat-obatan kang haram.

Eling marang unen-unen serat kalatida,

amenangi jaman edan,
ewuhaya ing pambudi,
melu ngedan nora tahan,
yen tan melu anglakoni,
boya keduman melik,
kaliren wekasanipun,
ndilalah kersa Allah,
begja-begjaning kang lali,
luwih begja kang eling klawan waspada

Jama saiki kaya amenangi jaman edan, sara salah yen to tumindak, melu ngedan kamangka ora tahan (kuat, bisa), ning nek ora melu ngedan (ngawur) ora keduman ing pandum, lan kaliren pungkasane. Ning, Gusti wis duwe pesthi sak begja-begjane wong kang tumindak lali (ala) isih luwih begja (bahagia) wong kang tansah eling marang bebener lan waspada ing samubarang gawe lan uga sesrawungan.

Mulane kanthi liwat angkringan iki Mbah Mo ngelingake kabeh para kadang mitra, murih eling lan waspada ing sesrawungan murih raharjane lan aja nganti melu lan kepilut tumindak candala uga kecipratan kahanan kang ora apik (tercemar). Trep marang kahanan saiki, menawa filosofi mau tansah kagembol pinangka sangu urip ing bebrayan. end/kd